MANAKIPAN SAHA
TERBANGAN
Manakipan
inggih punika minangka kasiling ide saha gagasan ingkang kawujud dados salah
satunggaling ritual budaya. Manakipan punika asring dipunlampahi rikala wanci
dalu. Ritual punika biasanipun dipunlampahi wonten ing satunggaling upacara daur hidup manungsa, upaminipun
wonten ing upacara mantu kaliyan supitan. Ingkang badhe kula andharaken ing
ngandhap punika inggih Manakip wonten
ing upacara supitan.
Ingkang
dados pandhega wonten ing ritual manakipan punika inggih salah satunggaling
Kyai utawi ulama. Kyai ingkang dados pandhega ugi kedah ingkang sampun Sepuh.
Adicara manakipan punika menawi dipuntlesik saged dipunsebut minangka kasiling
akulturasi saking Tanah Arab.
Kados
andharan ingkang dipunngendikaken Bapak Sumantri bilih manakipan punika
aslinipun saking tanah Arab. Manakipan punika intinipun maos serat manakip.
Serat punika mungalipun saking Syeh Abul Qadir Jaelani. Kanthi makaten pramila
saged dipunsebut bilih Tiyang Jawi punika sejatosipun religius sanget.
Adicara
manakipan punika biasanipun ugi dipun
sarengi kaliyan adicara terbangan. Terbangan punika ugi kalebet kesenian
ingkang asalipun saking Tanah Arab. Punika katingal saking pirantos musikipun
ingkang arupi terbang (kados genderang namung langkung alit).Kados manakipan
ugi, terbangan punika ugi dipunpandhegani, sanes Kyai namung dening sesepuh.
Sebutan sespuh ing mriki mliginipun ingkang sampun sepuh seserapanipun.
Inti
saking terbangan punika inggih Sholawatan namung dipuntabuhi mawi terbang.
Sajatosipun terbangan punika kados berjanjen
(maos kitab Al Barjanji). Ingkang bentenaken inggih punika pirantos musik
kalawau. Menawi wonten ing berjanjen boten wonten tabuhanipun, dene wonten ing
terbangan wonten.
Terbangan
punika dipunlampahi sasampunipun adicara manakipan. Kados ingkang wonten ing
dalu punika, terbangan punika dipunlampahi sabibaripun manakipan, namung
makaten terbangan punika ugi dados pambuka saderengipun manakipan kapurwakan.
Wonten
ing dalu punika, manakipan punika ngendikakaken cariyos bab Syeh Abdul Qodir Jaelani.
Ing pundi, mungalipun Syeh punika ugi saged paring safaat amargi ing pundakipun
wonten bekas dlamakan saking sukunipun Nabi Muhammad rikala badhe nitih Buroq.
Syeh punika ugi, mungalipun minangka salah satunggaling wayah saking Rosulullah
SAW.
Sabibaripun
paring wejangan bab Syeh abdul Qodir Jaelani punika, kalajengaken adicara maos
kitab manakib ingkang dipunpimpin dening Bapak Sumantri. Sasampunipun maos
manakip kaljengaken kanthi dedonga. Dedonga ing mriki punika dedonga kangge
pribadhi kaliyan kangge ingkang gadhah kersa, mliginipun kangge putra ingkang
dipunsranani mawi manakipan ing supitanipun.
Rikala
dedonga ing manakipan punika, kita kasuwun ngeningaken manah saha kedah
tumungkul saetu dhumateng Gusti. Sasampunipun dedonga, adicara salajengipun
inggih punika ngluwari ingkang putra kanthi narik kupat luwar. Kanthi makaten,
sejatosipun narik kupat luwar punika minangka pralambang bilih ingkang gadhah
nadar sampun nglampahi saha nyaur nadaripun punika.
Ingkang
narik kupat luwar kalawu inggih punika Tiyang Sepuhipun ingkang dipunsupit.
Kanthi narik kupat luwar punika ateges adicara manakipan sampun paripurna. Dene
adicara salajengipun inggih punika terbangan.
Saderengipun
terbangan kalampahan, langkung rumiyin dipunwontenaken wilujengan. Wilujengan
punika gadhah ancas kangge sodaqoh sarta nylamati kulawarga anggen gadhah damel
punika. Sasampunipun wilujengan, terbangan punika dipunwiwiti. Ingkang dados
tetunggul wonten terbangan punika inggih Bapak Parsudi.Terbangan punika
tembang-tembangipun kathah ingkang sholawatan, memuji dhumateng Nabi Muhammad
SAW. Bab punika amargi terbangan punika wosipunsakingkitab Al Barjanji. Kitab
punika wosipun arupi sholawatan utawi memuji dhumateng Nabi Muhammad SAW
punika.
Irama
tabuhanipun saben tembang ugi benten-benten. Ing salebeting terbangan punika
ugi wonten waosan ayat Alquran. Ingkang maos inggih punika salah satunggaling
tiyang ingkang ndherek terbangan punika, inggih anggota terbangan punika
piyambak, mliginipun ingkang tartil
maos Alquran.
Ing
terbangan wonten perangan ingkang khusus inggih
punika wontening srokal utawi asring
dipunsebut srokol. Wonten ing srokal
punika sadaya tiyang ingkang taksih melek saha wonten papan mriku kedah
jumeneng. Jumeneng punika saperlu paring pakurmatan dhumateng mandhapipun srokal. Mungalipun, manut kapitayan
tiyang ingkang ndherek terbangan, rikala srokal
punika dipunpracaya bilih Nabi Muhammad SAW rawuh ing satengah-tengahing tiyang. Pramila menawi
sami jumeneng punika ugi pantes sanget, amargi paring pakurmatan dhumateng
junjunganipun, inggih punika Nabi Agung Muhammad SAW. Sasampunipun srokal rampung, sami lenggah malih.
Terbangan
wonten dalu punika rampung tabuh 04.00. Dados terbangan punika wonten satunggal
dalu betahaken wekdal kirang langkung 6 jam. Adicara terbangan punika katutup
mawi donga ingkang dipunpimpin dening Bapak Parsudi, minangka tetunggul ing
terbangan punika.