transliterasi

Selasa, 24 Desember 2013

cuplikan video terbangan

terbangan saking Bogelan Tegalsari Candimulyo Magelang

MANAKIPAN SAHA TERBANGAN


MANAKIPAN SAHA TERBANGAN
Manakipan inggih punika minangka kasiling ide saha gagasan ingkang kawujud dados salah satunggaling ritual budaya. Manakipan punika asring dipunlampahi rikala wanci dalu. Ritual punika biasanipun dipunlampahi wonten ing satunggaling upacara daur hidup manungsa, upaminipun wonten ing upacara mantu kaliyan supitan. Ingkang badhe kula andharaken ing ngandhap punika inggih Manakip wonten ing upacara supitan.
Ingkang dados pandhega wonten ing ritual manakipan punika inggih salah satunggaling Kyai utawi ulama. Kyai ingkang dados pandhega ugi kedah ingkang sampun Sepuh. Adicara manakipan punika menawi dipuntlesik saged dipunsebut minangka kasiling akulturasi saking Tanah Arab.
Kados andharan ingkang dipunngendikaken Bapak Sumantri bilih manakipan punika aslinipun saking tanah Arab. Manakipan punika intinipun maos serat manakip. Serat punika mungalipun saking Syeh Abul Qadir Jaelani. Kanthi makaten pramila saged dipunsebut bilih Tiyang Jawi punika sejatosipun religius sanget.
Adicara manakipan punika biasanipun ugi dipun sarengi kaliyan adicara terbangan. Terbangan punika ugi kalebet kesenian ingkang asalipun saking Tanah Arab. Punika katingal saking pirantos musikipun ingkang arupi terbang (kados genderang namung langkung alit).Kados manakipan ugi, terbangan punika ugi dipunpandhegani, sanes Kyai namung dening sesepuh. Sebutan sespuh ing mriki mliginipun ingkang sampun sepuh seserapanipun.
Inti saking terbangan punika inggih Sholawatan namung dipuntabuhi mawi terbang. Sajatosipun terbangan punika kados berjanjen (maos kitab Al Barjanji). Ingkang bentenaken inggih punika pirantos musik kalawau. Menawi wonten ing berjanjen boten wonten tabuhanipun, dene wonten ing terbangan wonten.
Terbangan punika dipunlampahi sasampunipun adicara manakipan. Kados ingkang wonten ing dalu punika, terbangan punika dipunlampahi sabibaripun manakipan, namung makaten terbangan punika ugi dados pambuka saderengipun manakipan kapurwakan.
Wonten ing dalu punika, manakipan punika ngendikakaken cariyos bab Syeh Abdul Qodir Jaelani. Ing pundi, mungalipun Syeh punika ugi saged paring safaat amargi ing pundakipun wonten bekas dlamakan saking sukunipun Nabi Muhammad rikala badhe nitih Buroq. Syeh punika ugi, mungalipun minangka salah satunggaling wayah saking Rosulullah SAW.
Sabibaripun paring wejangan bab Syeh abdul Qodir Jaelani punika, kalajengaken adicara maos kitab manakib ingkang dipunpimpin dening Bapak Sumantri. Sasampunipun maos manakip kaljengaken kanthi dedonga. Dedonga ing mriki punika dedonga kangge pribadhi kaliyan kangge ingkang gadhah kersa, mliginipun kangge putra ingkang dipunsranani mawi manakipan ing supitanipun.
Rikala dedonga ing manakipan punika, kita kasuwun ngeningaken manah saha kedah tumungkul saetu dhumateng Gusti. Sasampunipun dedonga, adicara salajengipun inggih punika ngluwari ingkang putra kanthi narik kupat luwar. Kanthi makaten, sejatosipun narik kupat luwar punika minangka pralambang bilih ingkang gadhah nadar sampun nglampahi saha nyaur nadaripun punika.
Ingkang narik kupat luwar kalawu inggih punika Tiyang Sepuhipun ingkang dipunsupit. Kanthi narik kupat luwar punika ateges adicara manakipan sampun paripurna. Dene adicara salajengipun inggih punika terbangan.
Saderengipun terbangan kalampahan, langkung rumiyin dipunwontenaken wilujengan. Wilujengan punika gadhah ancas kangge sodaqoh sarta nylamati kulawarga anggen gadhah damel punika. Sasampunipun wilujengan, terbangan punika dipunwiwiti. Ingkang dados tetunggul wonten terbangan punika inggih Bapak Parsudi.Terbangan punika tembang-tembangipun kathah ingkang sholawatan, memuji dhumateng Nabi Muhammad SAW. Bab punika amargi terbangan punika wosipunsakingkitab Al Barjanji. Kitab punika wosipun arupi sholawatan utawi memuji dhumateng Nabi Muhammad SAW punika.
Irama tabuhanipun saben tembang ugi benten-benten. Ing salebeting terbangan punika ugi wonten waosan ayat Alquran. Ingkang maos inggih punika salah satunggaling tiyang ingkang ndherek terbangan punika, inggih anggota terbangan punika piyambak, mliginipun ingkang tartil maos Alquran.

Ing terbangan wonten perangan ingkang khusus inggih punika wontening srokal utawi asring dipunsebut srokol. Wonten ing srokal punika sadaya tiyang ingkang taksih melek saha wonten papan mriku kedah jumeneng. Jumeneng punika saperlu paring pakurmatan dhumateng mandhapipun srokal. Mungalipun, manut kapitayan tiyang ingkang ndherek terbangan, rikala srokal punika dipunpracaya bilih Nabi Muhammad SAW rawuh  ing satengah-tengahing tiyang. Pramila menawi sami jumeneng punika ugi pantes sanget, amargi paring pakurmatan dhumateng junjunganipun, inggih punika Nabi Agung Muhammad SAW. Sasampunipun srokal rampung, sami lenggah malih.

Terbangan wonten dalu punika rampung tabuh 04.00. Dados terbangan punika wonten satunggal dalu betahaken wekdal kirang langkung 6 jam. Adicara terbangan punika katutup mawi donga ingkang dipunpimpin dening Bapak Parsudi, minangka tetunggul ing terbangan punika.

news feature: Manakipan, Gawe Ngluwari Anak

Manakipan, Gawe Ngluwari Anak

Magelang. Minggu 22 Desember 2013  ing dhusun Bogelan TegalsariCandimulyo Magelang  wonten adicara Manakipan. Acara punika kalampahan minangka ungkapan raos syukur saking kulawarga Nardiyono ingkang sampun kasil nyupitaken putranipun, Aziz(12). Ingkang mandhegani manakipan punika inggih Bapak Kyai Sumantri saking dhusun Giyanti Candimulyo.Manakipan punika dipunrawuhi para tangga tepalih saha sanak kadangipun ingkang kagungan kersa. Adicara punika dipuntindakaken saking tabuh 09.00 -10.00 saha kalampahan kanthi khidmat. Acara binuka mawi tausiah saha katutup kanthi donga ingkang dipunsartani medhot kupat luwar saking kulawarga Nardiyono. Miturut Bapak Sumantri, manakipan punika minangka srana ngluwari nadaripun kulawarga, dene ingkang sama rawuh kapurih nyekseni anggenipun nindakaken nadzar punika.

Sakit Kepala??? Ampun Mumet

Sakit kepala?? Ampun Mumet
Sakit kepala wonten ing tiyang Jawi asring dipunsebut mumet (pusing). Mumet punika biasanipun boten madeg piyambak. Ingkang dados jalaran mumet antawisipun amargi: (1) kekeselen (2) kengingprekawis ingkang awrat (3)kirang tilem, masuk angin, lsp. Sakit punika menawi dipunraosaken temtunipun badhe nyisahaken sanget. Pramila leres sanget wontenipun unen-unen nyegah langkung sae tinimbang ngobati. Kanthi makaten sumangga kita tansah ngupaya nyegah duginipun mumet punika. Caranipun nyegah mumet punika lumayan gampil, kadosta:

  1. Sumene ingkang cekap utawi tilem kanthi teratur Kanthi sumene utawi tilem punika ateges badan kita dipunajak ngaso supados boten kekeselen. Kanthi sumene ingkang cekap badan kita boten tegang. Pramila sumene ingkang cekap punika sanget dipunbetahaken badan kita, langkung-langkung tilem ingkang teratur, kirang langkung 8 jam saben dinten.
  2. Kamar utawi griya kedahipun nyengkuyung tumindak ingkang sehat, upaminipun kedah resik, serasi sarta seger hawanipun Kanthi kawontenan kamar utawi griya ingkang resik, serasi saha seger hawanipun punika, badan kita saget fresh, pikiran kita ugi badhe seger boten sumpek. Dipunsawang ing mripat ugi sakeca menawi kawontenanipun resik, serasi, saha segaer hawanipun. Pramila ligkungan ingkang kados mekaten punika trep sanget kangge ngeningaken pikir.
  3. Ngekum samparan wonten toya anget sauntawis Kanthi ngekum samparan wonten toya anget punika ateges kita ngupaya nglancaraken ilining getih wonten badan kita. Toya anget punika tumraping badan kita trep sanget, amargi saged nglonggaraken pembuluh darah. Langkung-langkung ingkangwonten samparan punika, amargi kathah titik refleks ingkang wonten ing samparan kita, mliginipun wonten ing dlamakan. Pramila ngekum samparan wonten toya anget punika saged mbiyantu nyegah mumet amargi saged nglancaraken suplai darah wonten badan kita. 

 Andharan ing inggil punika caranipun nyegah duginipun mumet. Namung menawi mumet punika sampun dugi utawi mijet-mijet sirah punika pramila kedah dipunobati. Langkung prayogi menawi anggenipun ngobati mawi obat tradhisional, kados ingkang kula kutip saking buku Pemanfaatan Tumbuh-Tumbuhan Alami Untuk Kesehatan dan Pengobatan Alternatif ingkang dipunanggit dening Lembaga Penelitian Pengembangan dan Pemberdayaan Lingkungan (LP3L) wonten ing halaman 39. Anggenipun ngobati mumet punika saged dipunlampahi kanthi maneka cara, upaminipun:

  1. Kanthi ndheplok jeruk pecel saha godhongipun dipuntambah lisah klapa sacekapipun kangge nggosok gulu utawi pilingan kita.
  2. Godhokan kangkung ingkang dipunangge lalapan saben enjing saha sonten rikala dhahar. Anggenipun dhahar lalapnkangkung punika saged dipunlampahi 3 dinten biasanipun badhe langkung sae . 
  3. Kanthi ngunjuk teh ingkang dipuncampur madu saha jeruk pecel. Campuran punika saged dipununjuk enjing saha sonten. 
  4. Toya peresan kunir ingkang dipungodhog kaliyan gendhis jawi saha sarem sakedhik. Godhokan punika dipununjuk kaping kalih utawi kaping tiga sedinten.
Saking andharan ing inggil punika, pramila kita mangertos bilih mumet punika saged dipuntambani kanthi gampil. Pramila, sumangga kita tansah ngupaya gesang ingkang sehat, sumene ingkang cekap, nedha maeman ingkang bergizi, nyingkiri penggalih ingkang awrat, saha kita kedah tumungkul dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad.Mugi kita tansah pinaringan kasaran saking Gusti, Amin.

CAH


Cah

Cah....
Piye kabare...
Ehm gek apa kowe
Tak teni suwe
Kok ra dibales
Nganti lek madhang
Tanduk ping pitu
Kokya rung dibales
Oh... cah...cah....cah...

Pancene wis  beda


IBU


Ibu

Ibu...
Sing gedhe pangapuramu
Aku rung isa gawe mareme atimu
Aku rung isa mbales kabecikanmu
Ibu....
Sing gedhe pangapuramu ibu...
Aku ana kene
Amarga sliramu ibu
Nek ra ana sliramu
Aku ora bakal ana kene
Ibu...
Ngapurana dosaku ibu
Ibu...
Akeh kaluputanku ibu...
Marang sliramu...
Aku...
Rung isa mbaleskabecikanmu ibu
Sing gedhe pangapuramu ibu..

ijeh jirih


Jeh jirih
Gerimis wengi iki
Marai uwas manah iki
Uwas marang slirane
Kang tansah dak awe-awe
Aku bingung
Kadya kudanan tanpa payung
Aku ndhrodhog kanyesen
Aku ijeh jirih
Nglilakakeslirane
Sing dak awe-awe kae

nek wae telat rong menit


NEK WAE TELAT RONG MINUTES

Wengi iki katon anyep anyes ndrejes,   semono uga rembulan kang isin ngetokake  raine merga katutup mega kang metengi  pepadhanging cahya rembulan. Ambyoring lintang-lintang uga awor mobyor-mobyor  karo petenging pedhut wengi. Semono uga ati iki kang krasa buthek, pikiranku uga amburadul, nyontrot kaya tela pendhem kurangan banyu. Guluku tak obahake  banjur  mripatku nyawang rentetan angka kang  ana dhuwur lawang,  penthunge wis ngemek angka 11.30 WIB.  Karo mata kliyepan awakku nata buku kambi nyepakake klambi  go lelungan sesuk. Ya lunga nang  kutha tua kang tansah kawentar ing angkasa, Yogyakarta.
 Bubar nata buku lan nyepakake klambi , sikil tyak jangkahke menyang pawon, mbok menawa wae ana ombe raketung mung banyu putih.  Tak sawang ana kendhi lempung ana pojokan amben, tanganku ra sabar nggayuh  kendhi, tak junjung njur tak kokop cucuke kendhi mau. “cleguk….cleguk…cleguk… ahh…” suarane telak garing kang nembe wae gawe liwat banyu putih.
Bubar ngombe aku ngancingi lawang lan mateni lampu kekarep njaga amane omah tua iki.  Suarane jangkrik lan mebure kalong tansah ngancani, saya suwe padha ngadoh. Pancen sepi omahku, lha bapak ibu wis sare kawit mau jam sepuluhan. “hoah…” cangkemku mangap , mratandhakake yen cagake sirah njauk dileremkake.  Sandal banjur tak copot,  awak cilik iki gage tak rubohake nang  amben  tua.  Ralali aku  masang alarm nang hp  jam 04.35 WIB. Tanganku uga ralali ngobahahe huruf nang keypad , “ good night, nice dreams, cu….”  Tak goleki nomere geganthelaning ati njur tak kirim. Sprei tak tarik , awaku tak dijingkrungake kepara ben saya  anget.
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::
                  “tangi, arep mangkat ora ta,  wes tua og keblug….!”  Kandhane bapak kambi njiwit jempol sikil.“ ah kosek,  acarane jam pitu kok pak” sumaurku kambi ngulet.  “ gene acarane jam pitu, mbok gek ndang adus, meleka ta le…, iki wis jam enem kurang lima….!” Kandhane bapak saya seru.“ hah… bajigur, kawanen” aku gage njengkirat , menculat saka amben.
“ arep nganggo banyu anget ora nang?” kandhane ibu mring aku.  “ selak kawanen mak, banyu anyes wae lah…” sumaurku kambi gage mlebu  nang WC.
Bubar adus aku gage salin klambi lan kathok, ra lali sepatune tak enggo. Tas tak samber,  Hondaku tak genjot kekarep ben rada panas mesine.  Lamat –lamat keprungu suara seka omah, “ ra madhang dikik po le?”takone bapak.  “ ah ora pak,selak kawanen jhe,engko tak madhang nang kana” sumaurku kambi nggledhekake Honda. “ mak , mangkat dikik ya, ra salaman aku” kandaku mring simbok karo mlayokake hondaku. Kanti suara ati ra lega simbok sumaur” ya, ngati-ati nang ndalan”. Ra let suwe bayanganku dipangan pengkolan lan wit-witan ing wetan desa.  Kambi njangkah  mlebu omah simbok  ngomong nang ati “ pangapurana anaku  duh Gusti….”.
“thole mungkae wis mangkat pa Bune?” takone bapak mring simbok.  “ uwis , lha kae lunga teka mak bludhus, yaw is Pakne aku tak nang kali dikik, sampeyan nek arep dhahar dikik ya kae nang wis cemepak nang meja” sambunge simbok kambi nyangking wakul gawa nang kali. “ eladalah kok dengaren ra pamit ro aku Bune?” candhake bapak. “ ya , teka dongake wae, wong thole ya lagi kesusu selak kawanen, wis Pakne, ku mangkat” kandhane simbok kambi nutup lawang. “ ya , sek ati-ati bune” jawabe bapak seka njero omah.Bapak banjur njikuk arit karo pacul gawe main golf nang tegal, ra lali bapak nutup gethek nang kidul omah.  Omah dadi sepi,mung geri ana kewan  omahan,  dara, pitik  lan manuk  kang padha kekiter  ana njaba.
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::
Tekan ratan hondaku tak geberake, pikiranku mung selak kepengin ndang tekan Yogya. Sliwar-sliwere Honda lan montor ra tak gagas. Aku yak-yakan nang ndalan, ana pengkolan tak keplekake hondaku karep ben ethok-ethok bisa kaya Stoner.Kabeh  Honda lan montor tak salipi. Molas menit aku yak-yakan ,  ra let suwe dalan gedhe wis tak pidak. Nang kono saya akeh sing do liwat. Kadya semut pudhak kang nembe babul seka eronge.Pitku tak geberke tak playoke ngiwung kaya wawung gunung.
“werrrr……” atiku kaget ana uwaong mepet aku, “hmmm… yoh kowe,” batinku kambi nglorot pitku , njur tak geberake maneh karep nututi uwong mau. Pit bola-bali nyalip, nalor kidul menggak-menggok ngindari Honda lan montor liya. Tak sawang nang ngarepan ana bangjo, nang kono padha kemruyuk kaya antri beras.Gas tak kendhokake rem tak pancal. Nang kono aku thingak-thinguk kaya lutung kasarung, golek sesawangan nang kiwa tengenku ,mbok menawa wae ana poin sek apik.
“tii…iin” suarane klakson nyadarake aku, yen lampune wis murup ijo. Nang kono sansaya desel-deselan kaya jepotan pitik seka  kandhange. Pitku tak geberake maneh, tak gawe nututi uwong mau, yak-yakan ra isa dikiwakake , pit tak geberake maneh. Atiku mung pengin ben ndang tekan Yogya lan bisa nututi uwong mau. Suarane dek uga saya santer  bebarengan karo gedhene gas pitku.
Lamat-lamat uwonge ketok, pit sansaya tak playokake ngiwung kaya  wawung kang mabur nang guwur gunung. Ralet suwe uwonge ketututan, pitku njur tak cedhake, kepara  ben  tambah  cetha wonge. Guluku muntir, mripatku  mlirik nang dheweke. “hmm…hemmm…hemmmm” dehemku karo ati bungah. Pit gage tak playokake maneh, geri siji  sek rung kecandhak, ben ndang tekan Yogya. Yak-yakan nang ndalan tak lakoni maneh, Honda lan montor tak selipi palah ra ketung sek tak selipi.  Mripatku mlirik nang spion , uwonge mau katon cilik nang njero spion, lamat-lamat saya ra ketok.
Ra let suwe aku meh ngliwati enggokan sek paling penak gawe ngeplek,  aku gage ngatur posisi dengan gaya  layaknya seorang stoner yang sedang  race .   rung rampung anggone ngeplek, aku oleng, pitku keplese solar nang tengah ndalan. “sraaa….aaakkkkk…..!!!!” suarane pitku gathik mbek  aspal, aku mung bisa  ndeleng pitku ngglangsar adoh , palah metu kembang apine.  Mripatku uga kamitenggengen nyawang  garetane hondaku lan nyawang  uwong kang ana mburiku. “ aduh, dengkulku…. Mlocot…” kandhaku lirih. Aku gage ngadeg  ,menyat marani hondaku karep ngedekake  lan nginggirke. Eh ndilalah , ana uwong kang welas asih kaya dewi ratih  nulungi aku  ngginggirke pitku.  “dingapura mas, selak telat anaku, aku selak kesusu…” kandane uwong mau kambi mbacutake lek ngetrake anake sekolah. “ mboten napa-napa Pak, matur nuwun” kandaku kambi ntruthuk. Aku imbuh kaget  lan ntruthuk mangerteni ana polisi nyeraki aku. “ sampeyan tiba merga keplese solar iki ta Dik….?” Kandhane polisi mau.  Kanti keweden aku sumaur”inggih Pak….”.“ ya wis, kana ndang minggir ndak ngganggu pengguna jalan sing liya” pocape polisi mau karo lunga.
Aku gage nggenjot pit , tak puter  njur tak arahake nang omahe Pakdhe. Aku krasa isin nang ndalan, kaya-kaya meh nganggo topeng  Buta ben karuan sisan.  Tekan latare  Pakdhe, Honda tak standarake, gage nyeraki lawange.  “weh… njanur gunung kowe Luk, dengaren gasik temen , ayo mlebu….!” Kandane Andi. “ yo, eh ana betadine ra? “ kandaku. “ngapa mange, bar tiba pa? ya wis tunggua dikik tak goleke” sambunge Andi kambi njangkahake sikile.
Kambi nunggu Andi kang nggoleki  Betadine, aku  njangkah nang kulon omah, saperlu golek tlutoh gedhang. Papahe gage tak punthes, tak  suwek njur tlutohe tak usar-usarake nang  dengkul lan  sikutku kang nembe wae mrungsungi. “ betadine ra ana jhe Mas, butuh peso rag awe mlepes  papahe?” kandhane budhe. Aku noleh lan sumaur, “ mpun mboten sah, niki sampun cekap” saurku.
Tlutohe krasa kemranyas kepara tekan ndhas, nanging ra let suwe malih dadi adem.  “ ana apa cah, mrenea mlebu?” saure pakdhe.  “aweh rejeki pakdhe.. hahahhaha…” kandhaku kambi ngetutake lakune pakdhe. “sek tak  adus ya” kandhane Andi kambi njangkah menyang WC.  Aku mung manthuk nuduhake yen setuju.“ cah, gawa mrene, tak kendhokake ototmu, mengko ndak imbuh kaget” kandane pakdhe. Aku gage nglengkin kathok  lan nyopot jaket. Pakdhe kanti lanyah gage ngurut, pancen krasa penak.  Aku lan pakdhe uga crita ngalor ngidul.  Ra let suwe dikagetake suarane Budhe” nyo wedange,  gawe anget-anget, sek budhe tak nyapu” kandhane budhe karo metu.” Walah mboten sah repot-repot Dhe,  matur suwun sanget lho” kandhaku marang Budhe.
Ralet suwe pakdhe mungkasi anggone ngurut, dheweke  banjur  lungguh nang jejerku. “ Cah, ngerti ra” kandhane pakdhe. “ ya, ana apa pakdhe?”saurku.  “ eh pitmu rusak apane” takone pakdhe. ‘” paling mung lecet  deke Pakdhe”saurku. “ oh ya mengka nek tekan omah  aja turu, gawe mlaku-mlaku ndak kaku, ehm  ana dukun pijet ta? Lha ngko dipijetake, mau aku mung ngendokake ototmu, nek mijeti  liyane aku ra donk hahhhaha….” Kandhane pakdhe sambi  gumuyu. Aku mung  nggah-nggih nggah-nggih lan manthuk-manthuk. “ pak , ku meh mangkat  sekolah , nyuwun pangestu” kandhane Andi kambi ngesun tangane bapake. “ Ya, kana sek ati-ati, tak donakake oleh biji satus” kandhane pakdhe. “ penake yo Luk, aku tak mangkat sekolah dikik,” kandhane Andi mring aku kambi salaman.  Aku sumaur kanthi ati kang isin, isin merga dheweke  kok unggah-ungguhe josh banget. Tak sawang , Andi uga tumindak kaya ngono mring ibune aku sansaya isin.  “ mangkat dikik yo Pak, Bu, Assalamualaikum” kandhane Andi kambi  mancal hondane. Bapak Ibune nyawang dheweke, ra let suwe Pakdhe mlebu maneh lan Budhe nerusake anggone nyapu.
Pakdhe njagong kambi ngempakake rokok kretek, “huft….” Kebul saya putih kang metu saka sedotane Pakdhe. “cah, aku tak omong” kandhane pakdhe. “ nggih wonten napa Pakdhe?” jawabku. “ nek kowe mau ki ,lek mangkat ditelatake rong menit tak kira kowe ora bakal nemoni kedadeyan mangkene.” Suarane pakdhe ndhodog jantung tumekan embun-embunku. Aku kagetlan getun, sadar apa kang dimaksud lan dikarepake pakdhe, duh pangapurana aku.
“saiki meh piye? Nerusake  nang  Yogya apa mulih? Apa gogok kene wae ?” kandhane Pakdhe. Kanti bingung aku njawab” lha apike piye Pakdhe?”. “ atimu mantepe piye?” sumaure pakdheku. Kanti rada bingung aku sumaur” ehm arep bali wae lah, gek wiwitane wae wis kaya ngene, samar aku Pakdhe…., eh lha mengko yen diseneni piye?”. “ sapa sek nyeneni wong alangan? Sek jenenge alangan ki bisa ngenani mbek sapa wae, lan nang ndi wae papan dununge, teka omong apa anane wae nang Bapak Ibumu” kandhane pakdheku kanti alus.“ nggih, maturnuwun” kandhaku kanti alun. Jaket njur tak enggo , aku banjur pamitan. Honda tak gas, omahe pakdhe saya suwe saya ra ketok, mung kandhane pakdhe kang isih ngecap ana ati lan mbrengengeng ana kuping.  “ nek kowe mau ki ,lek mangkat ditelatake rong menit tak kira kowe ora bakal nemoni kedadeyan mangkene”

autobiografi: Luwih Budi Pawening


Tepangaken
Tepangaken, nama kula Luwih Budi Pawening. Lahir wonten ing tlatah Magelang rikala toya sampun sami kesah saking sasananipun. Papan dunung kula inggih punika wonten Dhusun Klebeng, Desa Tempak, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang, Jawi Tengah. Ageman kula Alhamdulillah Islam (ndilalah mekaten). Tamat Sekolah Menengah Atas (SMA) wonten ing SMAN 3 MAGELANG  ing  tahun 2011. Tamat Sekolah Menengah Pertama (SMP) SMPN 1 CANDIMULYO ing tahun 2008. Tamat saking SDN Tempak 1 rikala tahun 2005. Tamat saking TK Pertiwi Tempak 1 ing taun 1999 Samenika nembe kuliah wonten ing Universitas Negeri Yogyakarta Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah.  
Kula putranipun Bapak Urip lan Ibu Misih. Kula putra kaping pisan lan nggadhahi rayi ingkang nama Puput Parsudi. Samenika nembe sekolah wonten SMK Adipura Magelang. Simbah kula asmanipun Amat Sayuti lan Asma Prawira Tukidjan. Bapak sah ibu kula punika tiyang dhusun saha kalebet tani. Tani ingkang alit-alitan amargi dereng gadhah kebun minyak hahaha...
Karemenan kula inggih menika mlampah-mlampah dhateng panggenan ingkang taksih alami, kadosta pesisir lan pegunungan. Maeman favorit kula inggih menika kupat tahu, dene ombenipun inggih menika wedang rondhe lan wedang jahe. Kewan klangenan kula inggih menika dara kaliyan iwak lele. Pepenginan kula inggih menika damel marem manahipun tiyang sepuh kula.
Tiyang ingkang dados idola kula inggih menika Bapak kula, Ir. soekarno, Bapak Soeharto, lan Panembahan Senapati. Slogan kula inggih menika aku manusia ingin felicity and notorety ingin nasibku diubah yakinku akan sayangMu Allahku Robiku Illahiku.
Kula kinten kula dereng saged ngangkat asmanipun tiyang sepuh kula, namung kula sakedhik-sakedhik sampun saged meseming tiyang sepuh kula. Rikala TK kula kula bodho sanged, mliginipun wonten ing bab nyanyi, lagu TK ingkang kula remeni inggih punika Bintang Kecil saha Garuda Pancasila. Jaman TK punika kula radi lincah menawi lotring, palah asring mborong bebungahipun.
Rikala jaman SD, kula kalebet lare ingkang tengah-tengah. Rikala kelas setunggal kula nate njungkelaken juara kelas. Pas catur wulan I kula Ranking 3, namung pas catur wulan II saha catur wulan III kula saged ranking 1. Ringkesipun Jaman SD punika ngremenaken sanget. Rikala kelas 4, 5, saha 6 kula asring ndherek Lomba, namung boten saged nembus 3 besar.  Rikala kelas 6 tahun 2005 kula lulus kanthi sae, saengga kula saged pinaringan bebungah saking Pak Lurah.
Kanthi biji Ujian SD ingkang radi sae, kula saged nerasaken sekolah wonten ing SMP N 1 Candimulyo. Punika SMP favorit wonten ing kecamatan Candimulyo.  Wonten SMP punika kula nate nulis karagan bab Maulud Nabi Muhammad SAW, alhamdulilah angsal juara 2. Wonten SMP punika wonten Guru ingkang dados inspirasi lan dados guru favorit kula, Asmanipun Bapak Silvester Wardaya, guru IPA ingkang kula anggep paling sae ing antawisipun guru IPA ingkang nate kula sumerepi. Kula lulus sking SMP N 1 Candimulyo taun 2008, alhamdulilah saged ndherek 10 besar. Kanthi modal biji UAN ingkang lumayan sae, kula lajeng nerasaken sekolah wonten ing kitha.
Tahun 2008 kula Sekolah wonten SMA N 3 Magelang. Wonten SMA punika kula gadhah guru favorit inggih punika Pak Badawi, guru agama Islam ingkang kathah paring wejangan dhateng kula. Kados-kados piyambakipun saged maos ingkang wonten ing pikiran kula. Amargi saking punika, saengga piyambakipun dados guru favorit kula. Wonten SMA punika kula radi kirang, amargi taksih kaget kaliyan kanca-kanca kula ingkang rata-rata tiyang kitha, dene kula kulina gesang ing dhusun. Lulus saking SMA watawis tahun 2011.
Tahun 2011 kula nerasaken lampah mangidul, pasipun wonten ing karangmalang, UNY (Yogyakarta State University). Kula mlebet wonten ing Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa), Fakultas Bahasa dan Seni. Wonten kuliah punika kula mlebet wonten ing kelas B. Sapunika kula sampun semester 5. Wonten kampus punika kula nate mlebet wonten ing HIJAU, Hima Jawa.
Kinemat-namot ing driya, rinegem sagegem dadi. Yesterday for today, and today for tomorrow.