transliterasi

Senin, 23 Desember 2013

profil: Kreator Rempeyek Kacang Bulat Cap Salindri


Kreator Rempeyek Kacang Bulat Cap Salindri

Manungsa minangka titahipun Gusti ingkang sampurna, bab punika saged dipuntingali saking pola pikir, kecerdasan kabudayan, pakaryan saha kreativitas. Kreativitas manungsa punika boten salawasipun mekar, namung ugi mandheg utawi vakum. Kevakuman punika dumadi amargi pola pikir wonten penggalih punika sampun radi males dipunajak mlampah.  Kangge ngasilaken setunggal ide kemawon sampun kraos awrat. Kamangka kita mangertos menawi ide-ide punika minangka penggedor kreativitas.
Mawi kreativitas, kita tansah ngupaya ngasilaken bab ingakng anyar saha benten kaliyan sanesipun. Bab anyar wonten punika saged asipat pembaharuan jenis utawi pembaharuan kualitas.Kanthi ngasilaken bab anyar punika pramila kita badhemengeksplorasi saha ndadosaken minangka lapangan pakaryan.
Wonten ing baba pakaryan, boten saday tiyang saged makarya trepkaliyan manahipun, kathahipun namung nginthil dhateng tiyang sanes. Kamangka kita mangertos menawi kanthi ngasilaken lapangan pakaryan utawi pengkonkretan ide cemerlang wau saged ngasilaken satunggaling usaha. Usaha ingkang kita kenal kanthi sebutan wirausaha.
Nglampahi wirausaha punika ageng sanget paedahipun, salentunipun ngasilaken yatra ugi saged ngirangi pengangguran ing lingkungan kita. Bab punika, dening Pak Dibya sampun dipunlampahi. Piyambakipun wirausaha Rempeyek Kacang Bulat Cap Salindri.Ide cemerlang punika pantes kita tuladhani amrih saged migunani dhateng tiyang sanes. Pramila perlu dipunpaparken kados pundi usaha
      Rempeyek Kacang Bulat Hasil Kecermelangan Ide Bapak Dibyapunika.
Usaha rempeyek punika dipunedekaken dening Bapak Sudibya. Dalemipun inggih punika wonten ing Jetis RT 20 RW 08 Tampir Kulon Candimulyo     Kabupaten Magelang. Miyos ing Magelang, rikala 29 September 1954. Piyambakipun nate sekolah wonten ing SD Sawangan, SMP Sawangan, SPG Vanlid Magelang, saha kuliah wonten ing PGRI Yogyakarta ingkang wonten ing Wates Kulon Progo. Piyambakipun inggih punika dados pegawai PNS wonten ing Dinas Pariwisata Kabupaten Magelang. Asmanipun ingkang garwa inggih punika Veronica Sudiratmi. Bapak Sudibya punika gadhah putra sekawan, ingkang sapunika  sampun sukses sadaya. Wonten ing pakaryan piyambakipun gadhah sesanti  Bekerja Bersih sehat. Salentunipun makarya wonten ing Dinas Pariwisata, piyambakipun ugi ngajar nari saha karawitan.
Lajeng, wangsul malih wonten ing Usaha Rempeyek Kacang Bulat. Usaha punika kalampahan kanthi dipunbiyantu dening garwanipun. Miturut piyambakipun, ingkang nyepeng usaha punika sejatosipun ingkang garwa, amargi piyambakipun namung mbiyantu rikala sampun wangsul saking makarya, kejawi punika piyambakipun gadhah tugas ingkang masaraken Rempeyek Kacang Bulat punika.
Rempeyek Kacang Bulatinggih punika salah satunggaling kasil kreatif saking ide ingkang cemerlang. Cemilan punika minangka stunggaling terobosan terbaru mliginipun wonten bab bentuk saha ukuranipun. Rempeyek punika ukuranipun kecil bulat saha pas sepisan dipuntedha. Maksudipun sepisan mendhet langsung telas tanpa nyuwil-nyuwil kados peyek sanesipun. dipundeleng bab etika saha estetikanipun panci narik kawigaten saha sae. Etikanipun menawi nedha kedahipun saking alit-alit saha menawi sagedsepisan mendhet langsung telas. Estetikanipun saged katingal saking bentukipun ingkang mungil, unik saha pas wonten tutuk, saengga boten sisah menawi dipuntedha.
Oh inggih, asal muasalipun usaha punika namung cobi-cobi kemawon. Idenipun punika wiwitanipun pengin damel peyek ingkang boten ngregeti asta saha saged langsung telas sepisan mendhet.
Usaha rempeyek punika namanipun Usaha Rempeyek Kacang Bulat Salindri Swa Mandiri. Dipunparingi nama kados makaten amargi kacangipun alit-alit, ukuran rempeyekipun ugi kados makaten. Palah saged dipunsebut bilik peyekipun punika mungil saha pas wonten ing tutuk.
Miturut piyambakipun ugi, modal saking usaha punika inggih namung komitmen saking dhiri pribadhi, niat, saha kersa kerja keras. Modal punika ingkang dados kunci kesuksesan.
Usaha rempeyek punika saged ngasilaken omzetsaben wulan kirang langkung 10 yuta.  Keuntungan resikipun inggih punika 2 yuta, dene ingkang 8 yuta dados modal kangge biaya produksi saha tumbas bahan pokokipun.
Anggenipun mroduksi rempeyek punika, piyambakipun dipunbiyantu karyawan 4-6 tiyang saben dinten. Bab punika supados saged nyekapi kabetahan pasar. Kanthi karyawan punika, Pak Dibya punika saged ngasilaken rempeyek kirang langkung 10-15 kg saben dinten, dene saben wulanipun saged ngasilaken 400 kg. Usaha punika dipunmilai saking tabuh 08.00 enjing dugi tabuh 04.00 sonten. Sadaya karyanipun punika rata-rata lulusan SD saha SMP.
Anggenipun ngurus usaha punika, piyambakipun dipunbiyantu ingkang Garwa. Usaha punika minangka usaha sampingan amargi Pak Dibya piyambak dados pegawai wonten ing DinasPariwisata Kabupaten Magelang.
Usaha rempeyek punika pemasaranipun sampun radi wiyar. Miturut piyambakipun pemasaranipun sampun dumugi Purwokerto. Ewa makaten, ingkang dados dhaerah pemasaran utaminipun inggih punika Magelang saha kiwa tengenipun.
Piyambakipun ngendika bilih usaha rempeyek punika kanthi ide damel peyek ingkang alit punika dados ingkang kapisan. Saking andharan punika saengga boten lepat menawi piyambakipun dipunsebut dadoskreator cerdas. Usaha punika ugi sampun angsal pengakuan saking pemerintah, inggih punika kanthi wontenipun cap Dep.Kes.RI.No.SP.189/11.11/1996.  Kanthi pengakuan punika pramila industri rumah tangga punika sampun layak uji saha patut dipunapresiasi amargi sampun dipunjamin mutu saha kualitasipun.
Wonten gesang punika mesthi wonten kendala ingkang ngadhang, semanten ugi kaliyan usaha rempeyek punika. Kadhangkala wonten kendalanipun, upaminipun menawi regi bahan pokokipun minggah, saengga biaya produksinipun ndherek minggah pramila keuntunganipun badhe kirang. Langkung-langkung menawi BBM mindhak reginipun. Kangge ngatasi bab punika, pramila piyambakipun ngindhakaken regi pemasaranipun.
Saking andharan ing inggil pramila saged dipunsebut bilih usaha  Rempeyek Kacang Bulatpunika minangkasatunggalingterobosan terbaru wonten babcemilaningkang ngewrat etika saha estetika. Usaha punika awalipun saking cobi-cobi tumraping ide saking gagasan cemerlang.Usaha punika namanipunUsaha Rempeyek Kacang Bulan Cap Salindri mapanipun wonten Jetis RT 20 Rw 08 Tampir Kulon Candimulyo  Kabupaten Magelang. Inti saking usaha punika inggih punika kedah kerja keras sahatahan banting serta tansah nyobi bab aenggal supados tetep eksis.

    Profil UsahaRempeyek Kacang Bulat
a.      Nama            : Bapak Sudibya
b.      TTL              : Magelang, 29 September 1954
c.       Alamat         : Jetis RT 20 Rw 08 Tampir Kulon Candimulyo     Kabupaten Magelang
d.      Pendidikan   :
1.SD         : SD Sawangan
2.SMP     : SMP Sawangan
3.SMA     : SPG Vanlid Magelang
4.PTN      : S1 PGRI Yogyakarta di Wates Kulon Progo(2007)
e.       Pekerjaan     : PNS Dinas Pariwisata Kabupaten Magelang
f.       Istri                : Veronica Sudiratmi
g.      TTL              : Magelang, 9 Februari 1962
h.      Anak             :
1.Yuliana Ariwidianingsih( PNS Pariwisata)
2.Kornelia Wiwid Widyaningrum DS(Kapal Pesiar AS)
3.Fransisca Sida Prabaningtyas(PNS di kalimantan)
4.Agus Tulus Bramantya Dibya Hariwibawa(Mahasiswa Stipari)
i.        Motto Usaha : Bekerja Bersih Sehatj.        Telpon           :  (0293) 325104
k.      Pengalaman :
1.Dinas Pariwisata
2.Ketua Paguyuban Karawitan
3.Pengajar Tari
4.
Anggota Paguyuban Macapatan Kabupaten Magelang

Batik Motif Gringsing Bintang


Batik Motif Gringsing Bintang


Motif Gringsing punika kalebet salah satunggaling motif batik ingkang sampun sepuh yuswanipun, inggih punika wiwit abad XIV (buku Pararaton). Bentuk saking motif punika arupi sisik iwak saha ing tengahipun wonten titik kados mripat. Motif punika miturut kamus van der Tuuk,  Geringsing inggih punika nama ageman wayang jaman rumiyin (Berpatih geringsing lakon Arjuna). Motif gringsing punika sanget kawentar ing tlatah Pekalongan.
Motif dasar, wonten motif Gringsing Bintang, dipungambaraken sisik iwak dados gambar utami (background) ing sawingkingipun gambar bintang. Saben sisikiwak punika dipungambaraken mawi werni pethak kanthi garis wates (pembatas) werni soga (soklat) saha dipunisi  cecek.
Wonten ing motif Gringsing Bintang, motif isenanipun kadamel saking gambar ingkang polanipun awujud lintang. Isen-isenanipun rata-rata asipat geometris saha kaukur. Wonten ing salebeting motif Gringsing Bintang punika, ugi wonten motif kembang ingkang gadhah mahkota wolu iji kados nggambaraken arah mata angin. Antawisipun motif isen dipungayutaken kaliyan bentuk persagi saha persagi panjang ingkang dipunsusun tumpuk, dados katinga wonten wolung arah. Isenan sanes inggih punika bentuk bunder saha gambar tandha palang. Ing saben bentuk bunderan wau, ing lebetipun taksih wonten bentuk lonjongan panjang werni pethak ingkang kados-kados awujud mripat. Sadaya gambar isen-isen saking motif Gringsing Bintang punika sadayanipun nggambaraken bentuk lintang saha tandha arah(mata angin).
Filosofi saking motif batik Gringsing. Werni pethak punika nedahaken kasucen, katentremaning manah, kekendelan, sarta sipat sugih pangapura dening panganggenipun kanthi kebak kawicaksanan ingkang ngupaya nuduhaken arah ingkang leres saha gadhah keleluasaan lintang-lintang ingkang tansah paring kaendahan saha katentreman manah, ingkang ugi dipunsartani kanthi kasugihan ingkang boten kaetung, kados gunggungipun sisik iwak ingkang wonten motif kasebut. Kajawi punika, motif gringsing ugi gadhah werni ireng saha pethak. Tegesing werni ireng nglambangaken kelanggengan. Dene werni pethak nglambangaken pagesangan. Kekalihipun gadhah teges ingkang sami kaliyan Bango Tulak. Motif punika dipunginakaken minangka tolak bala dipunsartani kanthi kasugihan lair saha batos ingkang ngginakaken kados abyoring lintang-lintang saha sisik iwak ingkangboten kaetung gunggungipun amrih langkung wicaksana.
Wonten ing pewayangan, motif punika dipunagem deningsatria saha pemimpin. Piyambakipun gadhah pengajeng-ajeng supados saged pinaringan kawicaksanan, landhep ing penggalih, sugih lair batos kados lintang saha sisik iwak. Lajeng, wonten ing pagesangan padintenan motif punika dipunagem dening sinten kemawon, boten wonten pantangan, sadaya mawon angsal ngagem. Ewa makaten badhe langkung greng menawi dipunagem rikala wonten upacara khusus.

Sumber :
Kuswa E.2006.Busana Jawa.Yogyakarta: Fakultas Bahasa Dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta


artikel Budaya : IDIOM SEMANTIK ING BASA JAWI


IDIOM SEMANTIK
 ING BASA JAWI
A.    Dhasaring Panyeratan
Idiom wonten ing saben dinten dipunsebut kanthi sebutan slogan. Idiom punika caket sanget kaliyan gesang ing saben dinten tumraping kula saha panjenengan.Langkung-langkung tumrap tiyang jawi, palah boten saged uwal saking slogan utawi idiom punika.Ewa makaten taksih kathah tiyang ingkang bingung kaliyan idiom punika, kamangka dipunangge saben dinten.Idiom-idiom punika kalebet kasiling sastra saha budaya ingkang patut dipuntuladhani. Mawi idiom-idiom punika, pitutur adi luhung saged dipunwarahaken tumraping manungsa wonten ing masarakat punika. Pramila langkung sae menawi dipunandharaken babpangertosanidiom,jenis idiom, tuladha, saha jeroan saking idiom punika, amrihidiom-idiom punika boten ical saking ganasing jaman globalisasi kang meksa kedah gaul. Mawi idiom-idiom punika ugi saged nyengkuyung nglestantunaken kabudayan jawi, mliginipun ingkang gegayutan kaliyan sastra saha basa.
Saking andharan woten ing inggil  saged dipun pendhet undheranipun pirembagan, inggih punika: (1) Punapa ingkang ingkang dipunwastani idiom punika? (2) Punapa  jenis saha tuladhanipun idiom basa jawi punika? (3) Kados pundi gegayutanipun idiom kaliyan kasiling kabudayan ?
Ancas saking pirembagan punika antawisipun: (1)Mangertosi pangertosan bab idiom wonten ing basa Jawi (2)Mangertosi jenis saha tuladha idiom wonten ing basa jawi (3)Mangertosi gayutanipun idiom basa jawi kaliyan kabudayan, mliginipun bab sastra
B.      PAREMBAGAN
Saderengipun ngancik jenis-jenising idiom, langkung sae menawi dipunandharaken pangertosan idiom punika rumiyin.Sejatosipun punapa ta ingkang dipunwastani idiom punika? Saha kenging punapa idiom saged dipun sebut minangka kasiling kabudayan?. Pitakenan punika temtunipun ngerubungi sirah kula saha panjenengan sadaya, palah kados mijeti sahanyebabaken pating krejut. Wangsul malih wonten babidiom. Idiom punika ing saben dinten ugi saged dipunarani unen-unen(cara kasare). Menawi wonten ing ilmu basa, idiom punika nggadhahi teges bilih idiom punika minangka ungkapan ingkang asalipun saking gabungan kalih tembung (frasa) ingkang damel teges enggal saha mboten gegayutan kaliyan tembung dhasaripun. Dados maknanipun punika mboten waged dipungebyah uyah, namung kedah dipunpenggalih kanthi raos ingkang wening. Kejawi makaten, ugi wonten ingkang mastani idiom punika minangka ungkapan basa saking gabungan tembung (frasa) ingkang tegesipun sampun manunggal saha boten saged dipuntafsiraken kanthi makna saking unsur-unsur dhasaripun. Dados, gampilipun idiom punika saged dipunsebut slogan utawi sesanti.
Sasampunipun mangertosi pangertosan idiom, prayoginipun ugi mangertosi pangertosan semantik. Amargi idiom-idiom punika dados  objeksaking semantik.  Miturut Slamet Mulyana(Mulyana(2008:1)) mastani bokbilih semantik inggih punika panaliten teges tembung wonten basa tartamtu miturut penggolonganipun. Kanthi mekaten sageddipunaturaken bokbilih semantik punika pengin ngendikakaken makna(teges), utawi salah satunggaling ilmu ingkang nyinaoni teges(makna) tembung, frasa, kalimat,saha teks.Saking andharan punika, saged dipuntingali kanthi cetha bokbilih idiom punika dados bidang kajian semantik ingkang badhe ndhudhah teges utawi maknanipun.
Idiom punika wonten ing pagesangan punika bernuansa kultural utawi radi mambet-mambet kabudayan. Kados pundi kok saged makaten?Inggih , idiom saged dipunanggep bernuansa kultural amargi idiom-idiom punika kalebet kasiling kabudayan ingkang gegayutan kaliyan sastra jawi. Sastra jawi punika kalebet nilai-nilai kabudayan daerah ingkang saged nyengkuyung harkat,martabat,jati dhiri,saha kapribaden bangsa ingkang kanthi boten langsung saged ndadosaken  identitasbangsa wonten ing pagesangan punika.
Idiom punika ugi kalebet tradhisi lisan.Nilai-nilai budaya ingkang kawerat ing idiom-idiomJawi  dipunangkat minangka salah satunggaling unsur budaya ingkang damel Kabudayan Nasional. Kanthi makaten, idiom( jawi) punika dados identitas lokal ingkang kedah dipun jagi lan dipunkrembakaken sinambi menggalihaken budaya enggal ingkang langkung sae. Idiom punika ugi kalebet budaya jawi ingkang sae lan dados objek wigati amargi dados dhasar masarakat Jawi.
Lajeng punapa ingkang saged ndadosaken idiom punika? Pitakenan punika temtu ugi mbayang wonten ing penggalih. Supados langkung gampil mangertosi punapa ingkang ndadosaken idiom punika, pramila sumangga kita tingali malih konsep saking budaya punika. Budaya inggih punika minangka paugeran-paugeran sahastrategi  ingkang dipunginakaken manungsa kangge  njumbuhaken dhiri tumrap lingkunganipun. Budaya ugi minangka konsep kados pundi kedahipun gesang dipuntindakaken , pramila basa lokal ingkang minangka salah satunggaling unsur budaya ugi ngandharaken konsep ngkang sami. Basa lokal nuduhakren bab ingkang kedah dipun pahami wonten ing masyarakat ingkang ngginakaken basa kasebat, tegessipun punapa ingkang kakndhut wonten ing basa lokal( Jawi) punika minangka bab ingkang trep dipun terapaken ing lingkungan penutur. Basa lokal punika ancasipun supados manungsa saged tumindak kanthi cara spesifiksahaboten damel rusuh.
Idiom-idiom punika panggenanipun wonten ing lebetipun basa, basa ingkang dipunmaksud ing mriki inggih punika basa Jawi. Paugeran-paugeran gesang lan ajaran-ajaran adi luhung biasanipun dipun ajaraken mawi basa. Amargi basa punika minangka pirantoskangge sesambetan(komunikasi), ingkang temtunipun ngandhut tataran tatakrama. Kanthi makaten saged dipunaturaken bokbilih idiom punika dumadi saking ancasing gesang ingkang langkung sae ingkang dipunwujudakaen wonten ing basa. Basa ing mriki inggih punika basa Jawi.
Punapa kemawon jenis-jenis idiom wonten ing Basa Jawi punika? Basa jawi punika kalebet basa ingkang nggadhahi nilai sastra ingkang inggil amargi gadhah paugeran khusus ingkang boten dipungadhahi basa sanes.Nilai-nilaisastra kalawau saged dipuntingali saking jenis-jenising idiom wonten ing Basa Jawi punika. Idiom-idiom wonten ing Basa Jawi antawisipun inggih punika: paribasan, bebasan, saloka,wangsalan, parikan, keratabasa, saha cangkriman.
Paribasan inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun, mawi teges entar sahaboten ngemu suraos pepindhan.Tuladhanipun inggih punika keplok ora tombok, nyolong pethek, kepara-kepere,kerot tanpa untu,saha criwis cawis.Keplok ora tombok tegesipun ngraosaken bingah namung boten cucul ragad.Nyolong pethek tegesipun kadadosan ingkang dumadi mboten jumbuh kaliyan pangajeng-ajengipun.Kepara-kepere tegesipun boten adil anggenipun mbagi barang tartamtu.Kerot tanpa untu tegesipun kathah gadhah panjangka namung boten gadhah kekiyatan.Dene teges saking criwis cawis inggih punika tiyang ingkang kathah micara namun ugi sregep saha cak-cek anggenipun makarya.
Bebasan inggih punika tetembungan utawa unen-unen ingkang ajeg panganggenipun ngemu suraos pepindhan, ingkang dipunpindha kahananipun tiyang utawi barang. Tuladhanipun: wis kebak sundukane, nututi layangan pedhot, cebol nggayuh lintang, ngeyup ngisor awar-awar, saha kebak luber kocak-kacik. Wis kebak sundukane, punika nggadhahi teges bokbilih sampun kebak dosanipun, ugi saged dipunwastani bok bilih sampun wayahe konangan(tumrape maling).Nututi layangan pedhot tegesipun nututi barang ingkang boten aji sahaboten kurup kaliyan rekasanipun anggen jejibahan nututi barang kalawau.Cebol nggayuh lintang, punika tegesipun tiyang ingkang panjangkahanipun ageng sanget, kepara dipunwastani mokal kelakon. Ngeyup ngisor awar-awar tegesipun nyuwun pitulungan tumrap tiyang ingkang mboten kadhah kekiyatan, tiyang ringkih(tiyang alit).Dene teges saking kebak luber kocak-kacik inggih punika tiyang ingkang kekebaken ilmunipun malah saged owah penggalihipun, alias miring(edan).
Saloka inggih punika tetembungan ingkang ajeg panganggenipun, ngemu suraos pepindhan saha teges entar.Ingkang dipunsalokaken inggihpunika kahanan tiyangipun. Tuladhanipun: gajah ngidak rapah, sumur lumaku tinimba, kebo kabotan sungu, timun mungsuh duren, saha tumbu oleh tutup. Gajah ngidak rapah tegesipun tiyang ingkang nglanggar tumrap wewaleripun piyambak.Sumur lumaku tinimba tegesipun tiyang ingkang kumudu-mudu dipunsuwuni wewarah.Kebo kabotan sungu tegesipun tiyang ingkang rekaos gesangipun amargi kekathahen anak. Timun mungsuh duren tegesipun tiyang alit mungsuh tiyang ageng. Dene teges saking tumbu oleh tutup inggih punika memitran ingkang cocok sanget(klop).
Wangsalan inggih punika unen-unen kados cangkriman namung dipunbatang piyambak.Tuladhanipun kapi jarwa, dak pethek mangsa wurunga.Kapi jarwa tegesipun kethek, saengga dipun batang kaliyan dak pethek.Tuladha sanes, reca kayu, goleka kawruh rahayu.Reca kayu tegesipun (wayang) golek, ingkang dipunbatang kaliyan tembung golek.Balung jagung, sampun ketanggelan.Balung jagung tegesipun janggel, dipunbatang kaliyan tembung ketanggelan.Ron so, sampun sayah nyuwun ngaso.Ron so tegesipun godhong so, dipunbatang kaliyan tembung ngaso.
Parikan inggih punika unen-unen kingkang dumadi saking kalih ukara, ukara sepisan damel narik kawigaten, ukara kaping kalih minangka wos(isi). Upaminipun:(1) wajik klethik gula jawa , luwih becik sing prasaja (2) Jambu apa jeruk, aku melu apa entuk (3) Tuk gelas ing beningan, tiwas tak gagas palah ra kelingan (4) Jemek-jemek gula jawa, aja ngenyek karo kanca, lsp.
Keratabasa inggih punika basa utawi tembung ingkang dipunkerata. Upaminipun: (1) anak, apa-apa kudu ana lan enak (2) Bapak, bab apa-apa bisa gawe pepak. (3) Kaji, tekade mung siji. (4) Garwa, sigaraning nyawa. (5) Tebu, antebing kalbu. (6) Cengkir, kencenging pikir. (7) Tandur, ditata sinambi mundur. (8) Krikil, keri-keri ing sikil, lsp.
Cangkriman inggih punika unen-unen ingkang kedah dipunbatang maksudipun. Cangkriman punika wonten tiga, inggih punika cangkriman wancah, cangkriman pepindhan,saha cangkriman wujud tembang. Tuladhanipun cangkriman wancah inggih punika (1) pak lawa, tapak ula dawa (2) Burnas kopen, bubur panas kokopen (3) Lut mae ndhut yu mae rong, welut omahe lendhut, yuyu omahe ngerong.
Cangkriman pepindhan tuladhanipun: (1) pitik walik saba kebon(nanas) (2) Sega sakepel dirubung tinggi(salak) (3) Kebo bule cancang merang(buntil) (4) pitik walik saba meja(sulak). Dene tuladhane cangkriman wujud tembang yaiku bapak pucung, dudu watu dudu gunung, sabamu ing plembang, ngon-ingone sang Bupati, yen lumampah sipucung lambeyan grana. Tegesipun inggih punika gajah.
C.    PANUTUP
Saking andharan ing inggil, saged dipun wastani bokbilih idiom jawi punika mboten tebih saking padintenan namung kathah ingkang dereng paham kaliyan idiom punika piyambak.Kejawi punika, idiom punika ugi saged dipun wastani bokbilih idiom punika minangka kasiling kabudayan mliginipun sastra jawi ingkang saged dados sarana pitutur adi luhung minangka panjangkah nggadhahi jati dhiri bangsa.Janur kupat blarak tuwa, menawi lepat nyuwun ngapura.Matur nuwun.

D.    DAFTAR PUSTAKA
Mulyana.2008. Semantik Bahasa jawa. Yogyakarta: UNY Press.

Selasa, 17 Desember 2013

Tepangaken, nama kula Luwih Budi Pawening Lahir wonten ing tlatah Magelang rikala toya sami lingsem awit mecungulipun kula, toya sah saking sasana. Papan dunung kula punika wonten Dhusun Klebeng, Desa Tempak, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang. Ageman kula ndilalah Islam. Tamat Sekolah Menengah Atas(SMA) wonten ing SMAN 3 MAGELANG  ing  tahun 2011. Tamat Sekolah Menengah Pertama(SMP) SMPN 1 CANDIMULYO ing tahun 2008. Tamat saking SDN Tempak 1 rikala tahun 2005. Samenika nembe kuliah wonten ing Universitas  Negeri Yogyakarta  Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah.  
Kula putranipun Bapak Urip lan Ibu Misih. Kula putra kaping pisan lan nggadhahi rayi ingkang nama Puput Parsudi. Samenika nembe sekolah wonten SMK Adipura Magelang. Simbah kula asmanipun Amat Sayuti lan Asma Prawira Tukidjan.
Karemenan kula inggih menika mlampah-mlampah dhateng panggenan ingkang taksih alami, kadosta pesisir lan pegunungan. Maeman favorit kula inggih menika kupat tahu, dene ombenanipun inggih menika wedang rondhe lan wedang jahe. Kewan klangenan kula inggih menika dara kaliyan iwak lele. Pepenginan kula inggih menika damel marem manahipun tiyang sepuh kula.
Tiyang ingkang dados idola kula inggih menika Bapak kula, Ir. soekarno, Bapak Soeharto, lan Panembahan Senapati. Slogan kula inggih menika aku manusia ingin felicity and notorety ingin nasibku diubah yakinku akan sayangMu Allahku Robiku Illahiku.
Kinemat-namot ing driya, rinegem sagegem dadi. Yesterday for today, and today for tomorrow. Think smart don't think black..

Magelang

Magelang iku kalebu salah sijine kota ing Jawa Tengah kang dununge ana ing satengah-tengahing pulau Jawa. Kutha iki jarake udakara 70 km saka kutha Semarang lan 45 km saka kutha Ngayogyakarata.
Kutha iki papane strategis amarga dadi dalan tembus menyang kutha-kutha gedhe liyane ing pulau Jawa, kayata Salatiga, Solo, Ambarawa, Jakarta, Purworejo, lsp.  Kutha iki kaubeng kali gedhe yaiku kali progo lan kali elo. Kajaba kali, magelang uga kaubeng gunung, ing sisih wetan ana gunung merapi lan merbabu, sisih lor ana gunung andong lan telamaya, sisih kulon ana gunung sumbing lan sindoro, dene kang sisih kidul ana gunung menorah. Ing satengahing kutha uga ana gunung cilikminangka pakuning tanah Jawa, yaiku gunung tidar. Mula ora salah disebut magelang, magelang asale saka rong tembung yaiku maha lan gelan. Maha artine gedhe, agung lan ageng. Dene gelang yaiku salah sijine perhiasan kang dingo ana ing ugel-ugel tangan khususe wong wadon.
Pendhudhuke ana ing kutha iki rata-rata dadi bakul. Ing megelang ana daerah khusus kang sinebut pecinan, marga dikebaki kaum tionghoa. Ing tengahing kutha, ana alun-alun kang duwe water tower lan patung Diponegara. Ing sisih wetan alun-alun ana Matahari , Gardena, Magelang Theater lan kantor pos. sisih kidul ana kapolres, klentheng , lan Bank Jateng. Ing sisih kulon ana Masjid Agung lan menara mesjid. Lan ing sisih lor ana kantor Telkom, Kantor Pajek, Trio Plaza lan Bank BCA.
Panganan khas magelang inggih menika gethuk. Saengga mboten mokal menawi wonten Magelang nyumerepi gethuk wonten toko maeman. Gethuk ingkang kawentar inggih menika gethuk trio. Gethuk menika rupanipun saking tigang werni, saengga menawi dipunsawang kados lapis. Amargi saking gethuk menika, pramila magelang kathah dipunkenal kanthi sebatan kutha gethuk.
Kutha magelang uga duwe museum, kayata museum Diponegoro lan Sudirman. Magelang uga duwe Taman, yaiku Taman Badakan lan Taman Kyai Langgeng. Kajaba iku, magelang uga duwe kompleks Akmil lan Kompleks Prajurit Diponegoro. Saking andharan menika, pramila kutha menika pantes dados tujuan wisata ingkang temtunipun ngemot maneka daya tarik. Magelang, maha gelang, Kutha Gethuk kang Wicaksana. Wallahu'alam.



ndhekos apa nglaju?

Ndhekos lan nglaju iku dadi pilihan abot kanggo mahasiswa, luwih-luwih kang luar kota. Kalorone mau duwe kaluwihan lan kakurangan dhewe-dhewe. Ngekos utawa ndhekos yaiku nyewa omah utawa kamar ing luar kota kanti mbayarnganggo dhuwut la nana watesane. Kaluwihane saka ndhekos yaiku: dewe ora samar telat marga rata-rata kost-kostsan mau  cedak karo kampus, awak ora kesel marga ora wira-wiri mulih omah, bisa prihatin lan bias srawung karo masyarakat kang beda karo masarakat asale. Dene kakurangane saka ngekos yaiku: dewe adoh saka uwong tuwa dadi pantauane kurang lan bisa keblasuk yen dhewe ora ati-ati, tangine kebluk amarga kadangkala nyepelekake jarake cedhak karo kampus, kanca sak kost kadang ana sek usil dadine marai samar, biayane kang ditokake ora sethithik.
Mangkono andharan babagan kaluwihan lan kakurangane ngekos, dene andharane saka nglaju kaya mangkene. Nglaju yaiku salah siji cara mahasiswa anggone nglakoni jejibahan kang mangkat lan mulih ing luar kota ing dina iku uga, uoama mangkat esuk ya mulihe sore.
Manawa ngekos duwe kaluwihan lan kakurangan, nglaju uga mangkono. Kaluwihane saka nglaju yaiku: dewe ora bosen merga pethuk uwong kang beda-beda saben dina ana ing dalan, pantauan wong tuwa tetep raket dadine ora samar keblasuk, irit marga apa-apane gratis nang omah, duwe pengalaman urip nang dalan lan bisa nyukuri urip marga pethuk maneka kahanan ing dalan. Kaya iku kaluwihane , dene kakurangane yaiku awak kesel amarga wira-wiri, kurang mandiri marga melu wong tuwa terus, yen dalane macet rawan telat, yen kahanan udan dalane lunyu saengga kudu ekstra ati-ati.

Nglaju lan ngekos duwe kaluwihan lan kakurangan kang bisa bisa mbingungake mahasiswa. Nglaju utawa ngekos iku pilihan, gumantung saka atine dhewe-dhewe. Miturut pamanggih kula, kekaihipun menika sae sadaya, namung menawi griyanipun caket kaliyan kampus nggih nglaju kemawon. 

tips berkendara

Jaman saiki jaman kang nuntut apa bae sarta cepet. Upamane lelungan menyang luar kota , luwih- luwih kang padha kerja , kuliah utawa bebakulan ing luar kota kang padha nglaju.Uwong sek padha nglaju sakjane ngupaya ben bisa mbagi kegiatan ing njaba lan kegiatan ing jero( desa lan omahe). Kanggo nyengkuyung tuntutan mau, mula perlu diandharake tips kanggo uwong sek padha nglaju ben saya efektif lan efisien. Tips sek tak andharake iki kanggo sek padha numpak kendaraan dhewe, dudu sek numpak kendaraan umum.
Kang kaping pisan yaiku dhewe  kudu bisa tangi gasik, ben ora kesusu anggone mangkat lan ora samar telat. Kang kaping pindho cek kondisi kendaraan, mulai ban, rem, bensin lan sakpanunggalane. Ban, kudu cukup angine , aja kakean utawa kakurangan. Manawa bane uwis alus, ndhang golek dhuwit gawe tuku kang anyar , ben ora kuatir yen gembes ing dalan. Bensin, coba cek kanti bukak tankine, aja katungkul gambar kang ana ing cedak spidometer amarga kadang kala ngapusi. Ora kepengin ta “nyeprint” kendaraan mung gara-gara kentekan bensin?. Terus cek rem, pestekna yen reme mau makan kabeh, ben ora gedandaban yen ana kendaraan kang mandhek ndadak.  Busi, dicek menawa wae reget utawa uwis soak, enggala resiki lan yen soak eggal diganti sek anyar.

Kang kaping telu  yaiku pestekna kabeh ubarampe kang perlu digawa, aja nganti ketlingsut, luwih-luwih SIM lan STNK.  Kaping pate yaiku aja lali sarapan lan pamit marang bapak ibu ben manteb anggone lelungan. Kaping limane aja lali donga marang pangeran , ben anggone lelungan gawa berkah . Kang kaping enem yen wis mlaku nang dalan aja ngnti lali urupna lampu, mengko ndak kethilang, palah mung ngguwk-nguwak dhuwit, eman-eman banget. Kang kaping pitu minangka kang terakhir yaiku aja “yak-yakan” ing dalan, utamakan keselamatan daripada kecepatan, hargai pengendara yang lain. Muga–muga tips sek satlemik iki ana gunane lan bisa nambah wawasan Panjenengan sadaya. Amin. 

cerkak jaim

JAIM
''terlalu cepat kumenyayangimu, tak cukup bercerita, namun terlanjur kumencintaimu, meski kutak mengenalmu...Hingga akhirnya kuterjebak dalam kesalahanku yang mencintaimu...Hingga kini aku tak mampu untuk melepas dirimu dan melupakanmu''Tembang kang moncer pas jaman SMA iki, saiki dadi backsoundku wiwit aku pethuk kenya ayu pas ana acara ing salah sijining tlatah Ngayogyakarta brang kidul. Bocahe pancen ayu, gawe nglempurok atiku, aku wis cerita marang bapak lan simbok babagan wedokan sek tes tak kenal iki, bapak tak ceritani palah mung guyu sajake ngece, seje karo simbok sek rada nesu krungu cerita iki, deweke palah weling yen nganu cah wedok ki ati-ati, aja-aja bocahe mau gawa rajah lan pokoke kudu sek isa masak lan umbah-umbah. Kumrungu piweling kaya mangkono iku aku mung manthuk, njur mikir mbok menawa wae mripatku mbalik. Aku mung mesam-mesem kelingan babagan iki. Sajrone aku rengeng-rengeng, tangan kiwaku ora gondhelan setang, kepara tak palangke ngiwa, ben kaya-kaya mlaku sambi gandhengan ro sisihaning ati. Ndang lek nyanyi uwis rada bosen, aku nggonta-ngganti lagune, penting isa ngilangake rasa bosen lan ben isa kaya Ariel kang dadi idolaku. Sadalan-dalan, aku ora lali welinge bapak lan simbok, angger liwat kreteg lan papan sek tak rasa rada wingit, mesti aku ninthin. Yen ana penggokan aku uga ora lali ngeplek, ''keplekan ala Mike Hewul''. Idhep-idhep bisa nyaingi Casey Stoner kang dadi juara motoGP. Ibarate aku nyilem sambi ngombe banyu susu, sakliyane aku golek sensasi ing dalan, aku uga nglatih adrenalinku ben sansaya kendel anggone dadi joki. Kiwa tengene dalan sek tak liwati saiki dudu tegalan, nanging barisan omah kang katata kanti apik lan resik. '' hemm... Apik temen tatanan omahe, weladalah gununge merapi merbabu kok sajak seneng banget, mamerake awake, nang talang mesthi apik pemandangane ki, woh teni jho....'' pit gage tak gas saya banter ben ndang cepet tekan talang lan ndelok sedhilit pemandangan mau sakdurunge menyang Yogyakarta.
Cangkemku ora lali umak-umik ngetokake rengeng-rengeng. '' biar tahu, biar rasa, cinta ini milik kita, teng teng teng teng teng teng tengtengteng teng teng teng, Dikantin depan kelasku, disana kukenal dirimu, yang kini tersimpan dihati, jalani kisah sembunyi, trak deg, di halte itu kutunggu, trak deg trak deg deg trak, Senyum manismu kekasih, usai dentang bel sekolah, kita nikmati yang ada,, seperti hari yang lain, kau senyum tersipu malu, ketika kusapa engkau, genggamlah jari, genggamlah hati ini,, trak deg trak degdeg, memang usia kita muda,tapi cinta soal hati, biar mereka bicara, telinga kita terkunci, Biar tahu biar rasa, maka tersenyumlah kasih, tetap langkah jangan hentikan, cinta ini miil... Buajigur...!! Woh ra donk, menggok ra ngreting, pancen tela cemplungke badheg, astagfirullah, slamet-slamet hmm'' nyanyi rung rampung ganti misuh, atiku uga gemeter, ujug-ujug ana jalur ungu teka-teka menggok. '' gheng...gheng...!!'' Pit tak bleyer, ben ketok moa , bar mbleyer pitku tak jak mlayu maneh, saiki dalane mudhun lan dalane rada akeh gesike tilas kepretan trek saka merapi. Kiwa tengene dalan katon anak turune Dewi Sri katon lemu-lemu, godhonge iju-iju nyenengake mripat, banyu kali uga padha kemriyek kaya menthi, warnane bening kaya kaca kemlasa kang nyegerake wong sek padha liwat. Ing sak ndhuwure kali, tak sawang ana uwong tuwa umure kira-kira 55-nan kang lagi nembok sawah kanti rosa lan pretikel sajak ora duwe kesel. ''hmm...sregep temen, yen wae aku oleh metu lek sekolah, mestgne aku bisa, macul kaya kuwi, ra mumet, woalah ning piye maneh, iki uga gawe mulyake bapak simbok, semangat john, semangat pagi'' cumruwite ati nggrundhel amarga anggone sekolah ora mathuk karo pepenginane, atiku uga clingus karo kanca liyane, dadine atiku ngejak maneheg nanging karo wong tuwaku ora aweh.Top of Form
Atiku rumangsa getun banget sekolah nangkene. Angger kepikiran kadadean kaya iki, aku banjur kelingan pas awal-awal tes, aku rumangsa goblok lan kapusan. Wis lolos nang jurusan teknik elektro, teknik perkapalan, teknik sipil, farmasi, poltekes, pertambangan kok palah ra oleh restu karo bapak simbok. Gara-garane ya ana brayate kang rada serik lan rumangsa pamore kesundhul. Dheweke kaya banyu mili ngoceh lan ngompori-ngompori wong tuwaku, jarene aku ora kuat sekolah nang jurusan kuwi, wong bahuku cilik, lan dheweke kerep kandha yen nang jurusan-jurusan kuwi meh dadi apa, dheweke uga pamer jarene anggone sekolah, anake gratis lan wis oleh gaweyan nang les-lesan. Gandheng bapak ibu duwe kapitayan lan wis kepangan pengomongane mula njur manut. Palah kepara kerep padha nangis merga di ceramahi brayate mau. Aku rumangsa melas, mula banjur manut wong tuwaku ben ra diceramahi terus. Nanging kepara aku sansaya lara, sakwise ngeculke pilihan-pilihanku mau, aku palah ra tau konsentrasi anggone sekolah, palah kerep ngupaya kepiye ben bisa metu, palah saksuwene rong semester iki aku ngupaya ngejlogkake bijiku ben wong tuwaku bisa luluh njur ngestokake aku metu lan pindhah. Ananging jebul angin nyolong pethek, wong tuwaku palah sansaya melasake. Ibu lan bapak angger tak suwun ben ngestokake aku metu palah kaya-kaya meh kelangan tekene, piyambake ngendhika '' owalah le, mbok kowe ki duwe rasa syukur barang, mbok maturnuwun bisa sekolah nang kana, deloken tanggane dewe kepengin mlebu mrana wae ora do isa, tangga desa lor kuwi palah cah 12 mung bisa lolos 1, kowe ki mbok maturnuwun, ndarani ra beja kira-kira pa kowe ki bisa mlebu nang sekolah negeri''. Aku mung ndingkluk, aku ngerti iki mung gawe nggedhekake dhadhaku kang mbeseseg. Atiku mberontak nanging ora bisa.
'' ora,ora, it's my life, it's my style, it's my world, wrong or right it's me, semangat jho, kabeh ana dalane dhewe-dhewe'' cangkemku nyeplos karenteg atiku meh ngelingake gambarankepungkur kang mung bisa dadi cerita ngaya wara. Ora krasa gunemanku iki nyadharake aku yen uwis tekan kidul talang sek dadi panggonan kang strategis gawe ndeleng pemandangan.
Pancen bener filingku mau, tak sawang gununge katon cetha wela-wela. Pit motor gage tak inggirke. '' hmm... subhanallah, wuedyan siph tenan, macho brow, wah cocok ki, tak jeprete, mumpung momene apik, bisa tak gawe wallpaper '' atiku gumun kanti mesam-mesam rumangsa atiku sek kerenteg cerita ngaya wara sek mokal kelakon maneh iku oleh tamba. Tanganku gage mbukak tas ngrogoh hape sek ana kamerane. ''coba wae simbah duwe sawah nang kene iki, mesthine wae arep tak tanduri omah sek ana menarane gawe neropong pemandangan moa kaya ngene iki, ning rapopo, mbesuk yen aku duwe dhuwit, arep tak borong sawah nang kene iki'' gunemku nang ati sambi jeprat-jepret. Sesawangane pancen kapenak nyempyok ana mripat, ora kalah yen mung karo bukit bintang. Ditambah maneh karo sorote lampu gaweyane Gusti Allah kang makarya jagad, sansaya adem nang jero ati.
Sak wise tak rasa cukup anggone jeprat-jepret, aku banjur nerusake laku menyang kutha Yogyakarta. Tak sawang nang ngarep ana cewek kang uga lagi njikuk momen api kanti pamer hape kang ketoke luwih canggih saka duweku. ''ati-ati mbak, potone kobong''godhaku marang kenya manis iku. ''ya, rapopo ta mas, palahane ora susah golek kayu'' saure kanti menjeb.Kanggoku nggodha cewek ki lumrah lan biasa kanggone wong lanang.
Pit tetep tak lakokake, tak sawang kenya mau ijeh jeprat-jepret. ''wah lumayan, ning biasa ah, jeh kalah karo mbok wedok sek ana ing kulon sawah lan sek cedhak begarlist'' kerentegke ati kanti nggaya, pamer kusumaning ati sek ana sakmburine gardhu listrik lan sek ana ing kulon sawah.
Kanthi mesam-mesam, aku nglakokake pit kanti manteb lan ora duwe cubriya apa-apa, mripatku uga nyawang pemandangan ing sisih wetan lan kulon, loro-lorone mamerake kadigdayane, kaya satriya kang arep perang tanding. Ing sisih wetan katon merapi lan merbabu kang methentheng, dene sisih kulon ana gunung sumbing lan sindoro kang ngadheg nggejejer masang kudha-kudha.
Dene gunung Tidar kang dadi pakuning tanah jawa dadi panengahing perang tanding kanti tenang kebak suwita. ''ghek...ghek...ghek...ngeng'' suwaraning pit kaya uwong watuk. Gas tak tarik ora ana gunane, tenagane ngelos. ''oh bensine ngowos, nang spidometer rung kethap-kethip kok jebul entek, asem kecut'' omongku kanthi nyuwara lirih, lan nuthuk thothoke pit. Pit tak inggirke maneh, kanthi modus ndelok pemandangan aku mbukak jok, gayane njikuk masker, padahal mung ngocak-ngocak tangkine, lan jebul bener ''asat''.
''wah ra sida lumayan nggodha cewek, bar nggodha pah kewalat kentekan bensin, aduh'' batinku sambi kukur-kukur. ''wah muga-muga ceweke ora mrene, isin setengah urip aku, hmm luweh lah''. Kanthi mikir,mikir lan mikir, akhire duwe ide sek cukup cemerlang, lan jalan pintas dianggap pantas. ''yen tak seprint, wah isin, raiku meh tak deleh ndi, wonge sek liwat jeh akeh maneh, wah payah,, sek...sek...sek'' Hape gage tak bukak, njur sms adiku kon ngeterake bensin nang panggonan kono. ''pitku macet, kentekan bensin nang talang, meh tuku sek dodol rung do bukak,urgent...'' smsku kang tak kirim nang adiku. ''muga-muga wae gelem lan percaya yen sek dodol rung bukak, ayo ndang dibales...''batinku sambi muter-muter hape. Sakjrone nunggu balesan sms, aku ngematake bebek kang nembe dingon lan padha sesiblonan, katon guyub lan lincah-lincah. ''nek wae bebek bisa ngajari nglangi, wah bisa oleh biji A++ aku ndikik kae,,,'' batinku kelingan gek ujian renang nang pisangan.
''plung...plung....kwek...kwek...kwek.,kweek...'' suarane kerikil kang tak sambitake nang banyu kacampur suarane bebek. ''tak kira yen saben bebeke bisa omong, mesti bakal ngece, syukur...mulakna aja seneng nggodha cewek, kasian deh lu, kasian deh lu,,, wo....blung'' batinku sambi nyemplungke watu sek rada gedhe. ''e lha, nang ndi ta ki bocah, kok ra lek dibales'' obahe lambe kanti lirih, kang selak ra sranta wong wis nunggu 15 menit.
Merga ra lek di bales ro adiku, mula aku njur sms kancaku, jebul ya padha wae. ''ealah do nang ndi iki, kit mau kok ra dibales''
''ndhreg..ndhreg..ndhreg'' tandane getar hapeku kang ana sms mlebu. Tak bukak njur tak waca, mripat tak ambake ben tulisane ketok cetha wong layare wis blureg sansaya keplorong srengenge. ''sgb, wah gek sibuk aku,ki gek dolanan dara, tuku kono wae lak ana,''
''wuasem, selak kisinan palah ra donk,''
celathuku sambi mbales SMS. Sak wise sms adiku, jebul adiku ora gelem nusuli bensin. Sms kang terakhir palah mung huruf U2U.
''mbok kawit mau nek ra gelem ki, palah muter-muter, mbalese we suwi, jebul ra gelem, aduh''celathuku sambi kukur-kukur. Merga pikiranku bunel lan tak delok dalane wis ora akeh sek padha sliweran, mula aku banjur nekat golek bensin. Pit tak kunci stang, njur tak tinggal, sikilku tak jangkahke kanti muntub-muntub. Rung ana 200 meter, tak delok nang ngarepan ana gubuk cilik sek kebak gendul wadah vodka kaisenan banyu kuning enom bening.
''alhamdulillah, bejane wong cilaka'' atiku krasa seneng. Sikil tak kipatke gage marani pit sek tak tinggal. Gage-gage pit tak seprint mumpung sepi. Tak sawang ana wong loro ing bale desa treko kidul talang, nanging aku teka mlayu nggendhring karo nuntun pit shogunku.
''hah...hah...hah..heh..heh''
suarane ambeganku kang megap-megap kaya ula koros.
Pit tak inggirke cedak sek dodol bensine mau.''apa mas,'' takone bakule
''bensin'' saurku ''pira?'' saure sek dodol sambi nyekeli gendul. ''setunggal mawon''celathuku sambi mbukak jok. ''lha ngapa megap-megap, apa ra dicek mau nang omah''
''nyeprint pit, ya jenenge wae lali mas mesthine ya ra kelingan, aku ketungkul spedometere, biasane nho tak cek, mau ora, gur manteb wong jeh saksetrip'
'
'' wohoho plolo, ketoke nho pinter jebul, PO''
sumaure bakule bensin. ''apa kuwi mas ?'' takonku mring bakule bensin sambi ngulungake saklembaran kertas coklat sek ana gambare Tuanku Imam Bonjol lan nutup jok. ''aja nesu, PO ki pahpoh,ngahngoh,plola-plolo kaya kebo haha'' saure mas-mas mau sambi nampani dhuwit limangewon kanti guyu cikrak-cikrak marang aku kang sajak ngece. ''haha....as yo ben lah Mas, PO kaya ngene penting calon presiden haha''saurku. ''amin, nek dadi presiden aja selingkuh, ketoke ki rupamu pas-pasan nanging mata kranjang nek ana prawan''. ''lha kok ngerti mas?'' takonku gumun ''ponakanku crita, lha kae nang njero haha”. ''owalah, maturnuwun'' kanthi isin aku gage nggenjot lan nerusake laku nang kutha yogyakarta. Nang Pom pitku tak isi bensin kebak kareben ora nyeprint maneh.Isin banget nyeprint pip kang kentekan bensin.
...................Nang omah lebar maghrib ''jarene mau kowe kasatan bensin le?''takone bapaksambi njikuk endhog gludhug''iya pak, cen bajirut''saurku sambi nyelehake sirah ing amben
''lha mau ra ditileki dikik po pye? Sakdonge sakdurunge mangkat ki dicek kabeh dikik''
''kelalen aku pak, gek nganune wae ijeh sak setrip''. ''wo ra donk, sek wis ya wis, suk maneh ki dicek kabeh kanti teliti''. ''yo nek ra lali pak, q ki lalen jhe''. ''tur yen kentekan bensin aja sms omah, ngisin-isini''
clathune simbok melu nimbrung''lha pye maneh aku isin yen nyurung pit nang ndalan, akeh cewek jhe mbok, ku ya jaga image ta''
''jaim ya oleh ning aja banget-banget, tur kowe ki cah lanang, mbok ya sek kendel lan aja isinan, ra gelem ta diunekake mbok-mboken?''
kandhane simbok karo wejangan iku.
Rung sida aku sumaur, adiku ngomong sajak ngece ''alah planthangan apa ta kuwi mak, isinan kaya ngono kok, apa kuwi wagu,, beja ra mboncengake cewek, nek mboncengke, woh tak keploki ko ngomah, njur tak pethuk, ning mung ceweke sek tak genti mbonceng aku, nek sampeyan ya, pikiren dewe haha''. '' wo dagadu, cen urik kowe, titeni wae, suk jikuke cacing, mesthi nggeblag kowe haha'' saurku uga ngece. ''wis, aja ramin,kana ndang siap-siap isyakan nang langgar'' kandhane simbok karo metu.
Bottom of Form