Ndhekos lan nglaju iku dadi pilihan
abot kanggo mahasiswa, luwih-luwih kang luar kota. Kalorone mau duwe kaluwihan
lan kakurangan dhewe-dhewe. Ngekos utawa ndhekos yaiku nyewa omah utawa kamar
ing luar kota kanti mbayarnganggo dhuwut la nana watesane. Kaluwihane saka
ndhekos yaiku: dewe ora samar telat marga rata-rata kost-kostsan mau cedak karo kampus, awak ora kesel marga ora
wira-wiri mulih omah, bisa prihatin lan bias srawung karo masyarakat kang beda
karo masarakat asale. Dene kakurangane saka ngekos yaiku: dewe adoh saka uwong
tuwa dadi pantauane kurang lan bisa keblasuk yen dhewe ora ati-ati, tangine
kebluk amarga kadangkala nyepelekake jarake cedhak karo kampus, kanca sak kost
kadang ana sek usil dadine marai samar, biayane kang ditokake ora sethithik.
Mangkono andharan babagan kaluwihan
lan kakurangane ngekos, dene andharane saka nglaju kaya mangkene. Nglaju yaiku
salah siji cara mahasiswa anggone nglakoni jejibahan kang mangkat lan mulih ing
luar kota ing dina iku uga, uoama mangkat esuk ya mulihe sore.
Manawa ngekos duwe kaluwihan lan
kakurangan, nglaju uga mangkono. Kaluwihane saka nglaju yaiku: dewe ora bosen
merga pethuk uwong kang beda-beda saben dina ana ing dalan, pantauan wong tuwa
tetep raket dadine ora samar keblasuk, irit marga apa-apane gratis nang omah,
duwe pengalaman urip nang dalan lan bisa nyukuri urip marga pethuk maneka
kahanan ing dalan. Kaya iku kaluwihane , dene kakurangane yaiku awak kesel
amarga wira-wiri, kurang mandiri marga melu wong tuwa terus, yen dalane macet
rawan telat, yen kahanan udan dalane lunyu saengga kudu ekstra ati-ati.
Nglaju lan ngekos duwe kaluwihan lan
kakurangan kang bisa bisa mbingungake mahasiswa. Nglaju utawa ngekos iku
pilihan, gumantung saka atine dhewe-dhewe. Miturut pamanggih kula, kekaihipun
menika sae sadaya, namung menawi griyanipun caket kaliyan kampus nggih nglaju
kemawon.
Tidak ada komentar :
Posting Komentar