transliterasi
Selasa, 24 Desember 2013
MANAKIPAN SAHA TERBANGAN
MANAKIPAN SAHA
TERBANGAN
Manakipan
inggih punika minangka kasiling ide saha gagasan ingkang kawujud dados salah
satunggaling ritual budaya. Manakipan punika asring dipunlampahi rikala wanci
dalu. Ritual punika biasanipun dipunlampahi wonten ing satunggaling upacara daur hidup manungsa, upaminipun
wonten ing upacara mantu kaliyan supitan. Ingkang badhe kula andharaken ing
ngandhap punika inggih Manakip wonten
ing upacara supitan.
Ingkang
dados pandhega wonten ing ritual manakipan punika inggih salah satunggaling
Kyai utawi ulama. Kyai ingkang dados pandhega ugi kedah ingkang sampun Sepuh.
Adicara manakipan punika menawi dipuntlesik saged dipunsebut minangka kasiling
akulturasi saking Tanah Arab.
Kados
andharan ingkang dipunngendikaken Bapak Sumantri bilih manakipan punika
aslinipun saking tanah Arab. Manakipan punika intinipun maos serat manakip.
Serat punika mungalipun saking Syeh Abul Qadir Jaelani. Kanthi makaten pramila
saged dipunsebut bilih Tiyang Jawi punika sejatosipun religius sanget.
Adicara
manakipan punika biasanipun ugi dipun
sarengi kaliyan adicara terbangan. Terbangan punika ugi kalebet kesenian
ingkang asalipun saking Tanah Arab. Punika katingal saking pirantos musikipun
ingkang arupi terbang (kados genderang namung langkung alit).Kados manakipan
ugi, terbangan punika ugi dipunpandhegani, sanes Kyai namung dening sesepuh.
Sebutan sespuh ing mriki mliginipun ingkang sampun sepuh seserapanipun.
Inti
saking terbangan punika inggih Sholawatan namung dipuntabuhi mawi terbang.
Sajatosipun terbangan punika kados berjanjen
(maos kitab Al Barjanji). Ingkang bentenaken inggih punika pirantos musik
kalawau. Menawi wonten ing berjanjen boten wonten tabuhanipun, dene wonten ing
terbangan wonten.
Terbangan
punika dipunlampahi sasampunipun adicara manakipan. Kados ingkang wonten ing
dalu punika, terbangan punika dipunlampahi sabibaripun manakipan, namung
makaten terbangan punika ugi dados pambuka saderengipun manakipan kapurwakan.
Wonten
ing dalu punika, manakipan punika ngendikakaken cariyos bab Syeh Abdul Qodir Jaelani.
Ing pundi, mungalipun Syeh punika ugi saged paring safaat amargi ing pundakipun
wonten bekas dlamakan saking sukunipun Nabi Muhammad rikala badhe nitih Buroq.
Syeh punika ugi, mungalipun minangka salah satunggaling wayah saking Rosulullah
SAW.
Sabibaripun
paring wejangan bab Syeh abdul Qodir Jaelani punika, kalajengaken adicara maos
kitab manakib ingkang dipunpimpin dening Bapak Sumantri. Sasampunipun maos
manakip kaljengaken kanthi dedonga. Dedonga ing mriki punika dedonga kangge
pribadhi kaliyan kangge ingkang gadhah kersa, mliginipun kangge putra ingkang
dipunsranani mawi manakipan ing supitanipun.
Rikala
dedonga ing manakipan punika, kita kasuwun ngeningaken manah saha kedah
tumungkul saetu dhumateng Gusti. Sasampunipun dedonga, adicara salajengipun
inggih punika ngluwari ingkang putra kanthi narik kupat luwar. Kanthi makaten,
sejatosipun narik kupat luwar punika minangka pralambang bilih ingkang gadhah
nadar sampun nglampahi saha nyaur nadaripun punika.
Ingkang
narik kupat luwar kalawu inggih punika Tiyang Sepuhipun ingkang dipunsupit.
Kanthi narik kupat luwar punika ateges adicara manakipan sampun paripurna. Dene
adicara salajengipun inggih punika terbangan.
Saderengipun
terbangan kalampahan, langkung rumiyin dipunwontenaken wilujengan. Wilujengan
punika gadhah ancas kangge sodaqoh sarta nylamati kulawarga anggen gadhah damel
punika. Sasampunipun wilujengan, terbangan punika dipunwiwiti. Ingkang dados
tetunggul wonten terbangan punika inggih Bapak Parsudi.Terbangan punika
tembang-tembangipun kathah ingkang sholawatan, memuji dhumateng Nabi Muhammad
SAW. Bab punika amargi terbangan punika wosipunsakingkitab Al Barjanji. Kitab
punika wosipun arupi sholawatan utawi memuji dhumateng Nabi Muhammad SAW
punika.
Irama
tabuhanipun saben tembang ugi benten-benten. Ing salebeting terbangan punika
ugi wonten waosan ayat Alquran. Ingkang maos inggih punika salah satunggaling
tiyang ingkang ndherek terbangan punika, inggih anggota terbangan punika
piyambak, mliginipun ingkang tartil
maos Alquran.
Ing
terbangan wonten perangan ingkang khusus inggih
punika wontening srokal utawi asring
dipunsebut srokol. Wonten ing srokal
punika sadaya tiyang ingkang taksih melek saha wonten papan mriku kedah
jumeneng. Jumeneng punika saperlu paring pakurmatan dhumateng mandhapipun srokal. Mungalipun, manut kapitayan
tiyang ingkang ndherek terbangan, rikala srokal
punika dipunpracaya bilih Nabi Muhammad SAW rawuh ing satengah-tengahing tiyang. Pramila menawi
sami jumeneng punika ugi pantes sanget, amargi paring pakurmatan dhumateng
junjunganipun, inggih punika Nabi Agung Muhammad SAW. Sasampunipun srokal rampung, sami lenggah malih.
Terbangan
wonten dalu punika rampung tabuh 04.00. Dados terbangan punika wonten satunggal
dalu betahaken wekdal kirang langkung 6 jam. Adicara terbangan punika katutup
mawi donga ingkang dipunpimpin dening Bapak Parsudi, minangka tetunggul ing
terbangan punika.
news feature: Manakipan, Gawe Ngluwari Anak
Manakipan, Gawe
Ngluwari Anak
Sakit Kepala??? Ampun Mumet
Sakit kepala?? Ampun Mumet
Sakit kepala wonten ing tiyang Jawi asring dipunsebut mumet (pusing). Mumet punika biasanipun boten madeg piyambak. Ingkang dados jalaran mumet antawisipun amargi: (1) kekeselen (2) kengingprekawis ingkang awrat (3)kirang tilem, masuk angin, lsp.
Sakit punika menawi dipunraosaken temtunipun badhe nyisahaken sanget. Pramila leres sanget wontenipun unen-unen nyegah langkung sae tinimbang ngobati. Kanthi makaten sumangga kita tansah ngupaya nyegah duginipun mumet punika. Caranipun nyegah mumet punika lumayan gampil, kadosta:
Andharan ing inggil punika caranipun nyegah duginipun mumet. Namung menawi mumet punika sampun dugi utawi mijet-mijet sirah punika pramila kedah dipunobati. Langkung prayogi menawi anggenipun ngobati mawi obat tradhisional, kados ingkang kula kutip saking buku Pemanfaatan Tumbuh-Tumbuhan Alami Untuk Kesehatan dan Pengobatan Alternatif ingkang dipunanggit dening Lembaga Penelitian Pengembangan dan Pemberdayaan Lingkungan (LP3L) wonten ing halaman 39. Anggenipun ngobati mumet punika saged dipunlampahi kanthi maneka cara, upaminipun:
- Sumene ingkang cekap utawi tilem kanthi teratur Kanthi sumene utawi tilem punika ateges badan kita dipunajak ngaso supados boten kekeselen. Kanthi sumene ingkang cekap badan kita boten tegang. Pramila sumene ingkang cekap punika sanget dipunbetahaken badan kita, langkung-langkung tilem ingkang teratur, kirang langkung 8 jam saben dinten.
- Kamar utawi griya kedahipun nyengkuyung tumindak ingkang sehat, upaminipun kedah resik, serasi sarta seger hawanipun Kanthi kawontenan kamar utawi griya ingkang resik, serasi saha seger hawanipun punika, badan kita saget fresh, pikiran kita ugi badhe seger boten sumpek. Dipunsawang ing mripat ugi sakeca menawi kawontenanipun resik, serasi, saha segaer hawanipun. Pramila ligkungan ingkang kados mekaten punika trep sanget kangge ngeningaken pikir.
- Ngekum samparan wonten toya anget sauntawis Kanthi ngekum samparan wonten toya anget punika ateges kita ngupaya nglancaraken ilining getih wonten badan kita. Toya anget punika tumraping badan kita trep sanget, amargi saged nglonggaraken pembuluh darah. Langkung-langkung ingkangwonten samparan punika, amargi kathah titik refleks ingkang wonten ing samparan kita, mliginipun wonten ing dlamakan. Pramila ngekum samparan wonten toya anget punika saged mbiyantu nyegah mumet amargi saged nglancaraken suplai darah wonten badan kita.
Andharan ing inggil punika caranipun nyegah duginipun mumet. Namung menawi mumet punika sampun dugi utawi mijet-mijet sirah punika pramila kedah dipunobati. Langkung prayogi menawi anggenipun ngobati mawi obat tradhisional, kados ingkang kula kutip saking buku Pemanfaatan Tumbuh-Tumbuhan Alami Untuk Kesehatan dan Pengobatan Alternatif ingkang dipunanggit dening Lembaga Penelitian Pengembangan dan Pemberdayaan Lingkungan (LP3L) wonten ing halaman 39. Anggenipun ngobati mumet punika saged dipunlampahi kanthi maneka cara, upaminipun:
- Kanthi ndheplok jeruk pecel saha godhongipun dipuntambah lisah klapa sacekapipun kangge nggosok gulu utawi pilingan kita.
- Godhokan kangkung ingkang dipunangge lalapan saben enjing saha sonten rikala dhahar. Anggenipun dhahar lalapnkangkung punika saged dipunlampahi 3 dinten biasanipun badhe langkung sae .
- Kanthi ngunjuk teh ingkang dipuncampur madu saha jeruk pecel. Campuran punika saged dipununjuk enjing saha sonten.
- Toya peresan kunir ingkang dipungodhog kaliyan gendhis jawi saha sarem sakedhik. Godhokan punika dipununjuk kaping kalih utawi kaping tiga sedinten.
CAH
Cah
Cah....
Piye
kabare...
Ehm gek apa
kowe
Tak teni suwe
Kok ra
dibales
Nganti lek
madhang
Tanduk ping
pitu
Kokya rung
dibales
Oh...
cah...cah....cah...
Pancene wis beda
IBU
Ibu
Ibu...
Sing gedhe
pangapuramu
Aku rung isa
gawe mareme atimu
Aku rung isa
mbales kabecikanmu
Ibu....
Sing gedhe
pangapuramu ibu...
Aku ana kene
Amarga
sliramu ibu
Nek ra ana
sliramu
Aku ora bakal
ana kene
Ibu...
Ngapurana
dosaku ibu
Ibu...
Akeh
kaluputanku ibu...
Marang
sliramu...
Aku...
Rung isa
mbaleskabecikanmu ibu
Sing gedhe
pangapuramu ibu..
ijeh jirih
Jeh
jirih
Gerimis wengi
iki
Marai uwas
manah iki
Uwas marang
slirane
Kang tansah
dak awe-awe
Aku bingung
Kadya kudanan
tanpa payung
Aku ndhrodhog
kanyesen
Aku ijeh
jirih
Nglilakakeslirane
Sing dak
awe-awe kae
nek wae telat rong menit
NEK WAE TELAT RONG MINUTES
Wengi
iki katon anyep anyes ndrejes, semono
uga rembulan kang isin ngetokake raine
merga katutup mega kang metengi
pepadhanging cahya rembulan. Ambyoring lintang-lintang uga awor
mobyor-mobyor karo petenging pedhut
wengi. Semono uga ati iki kang krasa buthek, pikiranku uga amburadul, nyontrot
kaya tela pendhem kurangan banyu. Guluku tak obahake banjur
mripatku nyawang rentetan angka kang
ana dhuwur lawang, penthunge wis
ngemek angka 11.30 WIB. Karo mata
kliyepan awakku nata buku kambi nyepakake klambi go lelungan sesuk. Ya lunga nang kutha tua kang tansah kawentar ing angkasa,
Yogyakarta.
Bubar nata buku lan nyepakake klambi , sikil
tyak jangkahke menyang pawon, mbok menawa wae ana ombe raketung mung banyu
putih. Tak sawang ana kendhi lempung ana
pojokan amben, tanganku ra sabar nggayuh
kendhi, tak junjung njur tak kokop cucuke kendhi mau.
“cleguk….cleguk…cleguk… ahh…” suarane telak garing kang nembe wae gawe liwat
banyu putih.
Bubar
ngombe aku ngancingi lawang lan mateni lampu kekarep njaga amane omah tua
iki. Suarane jangkrik lan mebure kalong
tansah ngancani, saya suwe padha ngadoh. Pancen sepi omahku, lha bapak ibu wis
sare kawit mau jam sepuluhan. “hoah…” cangkemku mangap , mratandhakake yen
cagake sirah njauk dileremkake. Sandal
banjur tak copot, awak cilik iki gage
tak rubohake nang amben tua.
Ralali aku masang alarm nang
hp jam 04.35 WIB. Tanganku uga ralali
ngobahahe huruf nang keypad , “ good night, nice dreams, cu….” Tak goleki nomere geganthelaning ati njur tak
kirim. Sprei tak tarik , awaku tak dijingkrungake kepara ben saya anget.
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::
“tangi, arep mangkat ora
ta, wes tua og keblug….!” Kandhane bapak kambi njiwit jempol sikil.“ ah
kosek, acarane jam pitu kok pak”
sumaurku kambi ngulet. “ gene acarane
jam pitu, mbok gek ndang adus, meleka ta le…, iki wis jam enem kurang lima….!”
Kandhane bapak saya seru.“ hah… bajigur, kawanen” aku gage njengkirat ,
menculat saka amben.
“
arep nganggo banyu anget ora nang?” kandhane ibu mring aku. “ selak kawanen mak, banyu anyes wae lah…”
sumaurku kambi gage mlebu nang WC.
Bubar
adus aku gage salin klambi lan kathok, ra lali sepatune tak enggo. Tas tak
samber, Hondaku tak genjot kekarep ben
rada panas mesine. Lamat –lamat keprungu
suara seka omah, “ ra madhang dikik po le?”takone bapak. “ ah ora pak,selak kawanen jhe,engko tak
madhang nang kana” sumaurku kambi nggledhekake Honda. “ mak , mangkat dikik ya,
ra salaman aku” kandaku mring simbok karo mlayokake hondaku. Kanti suara ati ra
lega simbok sumaur” ya, ngati-ati nang ndalan”. Ra let suwe bayanganku dipangan
pengkolan lan wit-witan ing wetan desa.
Kambi njangkah mlebu omah
simbok ngomong nang ati “ pangapurana
anaku duh Gusti….”.
“thole
mungkae wis mangkat pa Bune?” takone bapak mring simbok. “ uwis , lha kae lunga teka mak bludhus, yaw
is Pakne aku tak nang kali dikik, sampeyan nek arep dhahar dikik ya kae nang
wis cemepak nang meja” sambunge simbok kambi nyangking wakul gawa nang kali. “
eladalah kok dengaren ra pamit ro aku Bune?” candhake bapak. “ ya , teka
dongake wae, wong thole ya lagi kesusu selak kawanen, wis Pakne, ku mangkat”
kandhane simbok kambi nutup lawang. “ ya , sek ati-ati bune” jawabe bapak seka
njero omah.Bapak banjur njikuk arit karo pacul gawe main golf nang tegal, ra
lali bapak nutup gethek nang kidul omah.
Omah dadi sepi,mung geri ana kewan
omahan, dara, pitik lan manuk
kang padha kekiter ana njaba.
::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::::
Tekan
ratan hondaku tak geberake, pikiranku mung selak kepengin ndang tekan Yogya.
Sliwar-sliwere Honda lan montor ra tak gagas. Aku yak-yakan nang ndalan, ana
pengkolan tak keplekake hondaku karep ben ethok-ethok bisa kaya
Stoner.Kabeh Honda lan montor tak
salipi. Molas menit aku yak-yakan , ra
let suwe dalan gedhe wis tak pidak. Nang kono saya akeh sing do liwat. Kadya
semut pudhak kang nembe babul seka eronge.Pitku tak geberke tak playoke ngiwung
kaya wawung gunung.
“werrrr……”
atiku kaget ana uwaong mepet aku, “hmmm… yoh kowe,” batinku kambi nglorot pitku
, njur tak geberake maneh karep nututi uwong mau. Pit bola-bali nyalip, nalor
kidul menggak-menggok ngindari Honda lan montor liya. Tak sawang nang ngarepan
ana bangjo, nang kono padha kemruyuk kaya antri beras.Gas tak kendhokake rem
tak pancal. Nang kono aku thingak-thinguk kaya lutung kasarung, golek
sesawangan nang kiwa tengenku ,mbok menawa wae ana poin sek apik.
“tii…iin”
suarane klakson nyadarake aku, yen lampune wis murup ijo. Nang kono sansaya
desel-deselan kaya jepotan pitik seka
kandhange. Pitku tak geberake maneh, tak gawe nututi uwong mau,
yak-yakan ra isa dikiwakake , pit tak geberake maneh. Atiku mung pengin ben
ndang tekan Yogya lan bisa nututi uwong mau. Suarane dek uga saya santer bebarengan karo gedhene gas pitku.
Lamat-lamat
uwonge ketok, pit sansaya tak playokake ngiwung kaya wawung kang mabur nang guwur gunung. Ralet
suwe uwonge ketututan, pitku njur tak cedhake, kepara ben
tambah cetha wonge. Guluku
muntir, mripatku mlirik nang dheweke.
“hmm…hemmm…hemmmm” dehemku karo ati bungah. Pit gage tak playokake maneh, geri
siji sek rung kecandhak, ben ndang tekan
Yogya. Yak-yakan nang ndalan tak lakoni maneh, Honda lan montor tak selipi
palah ra ketung sek tak selipi. Mripatku
mlirik nang spion , uwonge mau katon cilik nang njero spion, lamat-lamat saya
ra ketok.
Ra
let suwe aku meh ngliwati enggokan sek paling penak gawe ngeplek, aku gage ngatur posisi dengan gaya layaknya seorang stoner yang sedang race .
rung rampung anggone ngeplek, aku oleng, pitku keplese solar nang tengah
ndalan. “sraaa….aaakkkkk…..!!!!” suarane pitku gathik mbek aspal, aku mung bisa ndeleng pitku ngglangsar adoh , palah metu
kembang apine. Mripatku uga
kamitenggengen nyawang garetane hondaku
lan nyawang uwong kang ana mburiku. “ aduh,
dengkulku…. Mlocot…” kandhaku lirih. Aku gage ngadeg ,menyat marani hondaku karep ngedekake lan nginggirke. Eh ndilalah , ana uwong kang
welas asih kaya dewi ratih nulungi
aku ngginggirke pitku. “dingapura mas, selak telat anaku, aku selak
kesusu…” kandane uwong mau kambi mbacutake lek ngetrake anake sekolah. “ mboten
napa-napa Pak, matur nuwun” kandaku kambi ntruthuk. Aku imbuh kaget lan ntruthuk mangerteni ana polisi nyeraki
aku. “ sampeyan tiba merga keplese solar iki ta Dik….?” Kandhane polisi
mau. Kanti keweden aku sumaur”inggih
Pak….”.“ ya wis, kana ndang minggir ndak ngganggu pengguna jalan sing liya”
pocape polisi mau karo lunga.
Aku
gage nggenjot pit , tak puter njur tak
arahake nang omahe Pakdhe. Aku krasa isin nang ndalan, kaya-kaya meh nganggo
topeng Buta ben karuan sisan. Tekan latare
Pakdhe, Honda tak standarake, gage nyeraki lawange. “weh… njanur gunung kowe Luk, dengaren gasik
temen , ayo mlebu….!” Kandane Andi. “ yo, eh ana betadine ra? “ kandaku. “ngapa
mange, bar tiba pa? ya wis tunggua dikik tak goleke” sambunge Andi kambi
njangkahake sikile.
Kambi
nunggu Andi kang nggoleki Betadine,
aku njangkah nang kulon omah, saperlu
golek tlutoh gedhang. Papahe gage tak punthes, tak suwek njur tlutohe tak usar-usarake nang dengkul lan
sikutku kang nembe wae mrungsungi. “ betadine ra ana jhe Mas, butuh peso
rag awe mlepes papahe?” kandhane budhe.
Aku noleh lan sumaur, “ mpun mboten sah, niki sampun cekap” saurku.
Tlutohe
krasa kemranyas kepara tekan ndhas, nanging ra let suwe malih dadi adem. “ ana apa cah, mrenea mlebu?” saure
pakdhe. “aweh rejeki pakdhe..
hahahhaha…” kandhaku kambi ngetutake lakune pakdhe. “sek tak adus ya” kandhane Andi kambi njangkah menyang
WC. Aku mung manthuk nuduhake yen
setuju.“ cah, gawa mrene, tak kendhokake ototmu, mengko ndak imbuh kaget”
kandane pakdhe. Aku gage nglengkin kathok
lan nyopot jaket. Pakdhe kanti lanyah gage ngurut, pancen krasa
penak. Aku lan pakdhe uga crita ngalor
ngidul. Ra let suwe dikagetake suarane
Budhe” nyo wedange, gawe anget-anget,
sek budhe tak nyapu” kandhane budhe karo metu.” Walah mboten sah repot-repot
Dhe, matur suwun sanget lho” kandhaku
marang Budhe.
Ralet
suwe pakdhe mungkasi anggone ngurut, dheweke
banjur lungguh nang jejerku. “
Cah, ngerti ra” kandhane pakdhe. “ ya, ana apa pakdhe?”saurku. “ eh pitmu rusak apane” takone pakdhe. ‘”
paling mung lecet deke Pakdhe”saurku. “
oh ya mengka nek tekan omah aja turu,
gawe mlaku-mlaku ndak kaku, ehm ana
dukun pijet ta? Lha ngko dipijetake, mau aku mung ngendokake ototmu, nek
mijeti liyane aku ra donk hahhhaha….”
Kandhane pakdhe sambi gumuyu. Aku
mung nggah-nggih nggah-nggih lan
manthuk-manthuk. “ pak , ku meh mangkat
sekolah , nyuwun pangestu” kandhane Andi kambi ngesun tangane bapake. “
Ya, kana sek ati-ati, tak donakake oleh biji satus” kandhane pakdhe. “ penake
yo Luk, aku tak mangkat sekolah dikik,” kandhane Andi mring aku kambi
salaman. Aku sumaur kanthi ati kang
isin, isin merga dheweke kok
unggah-ungguhe josh banget. Tak sawang , Andi uga tumindak kaya ngono mring
ibune aku sansaya isin. “ mangkat dikik
yo Pak, Bu, Assalamualaikum” kandhane Andi kambi mancal hondane. Bapak Ibune nyawang dheweke,
ra let suwe Pakdhe mlebu maneh lan Budhe nerusake anggone nyapu.
Pakdhe
njagong kambi ngempakake rokok kretek, “huft….” Kebul saya putih kang metu saka
sedotane Pakdhe. “cah, aku tak omong” kandhane pakdhe. “ nggih wonten napa
Pakdhe?” jawabku. “ nek kowe mau ki ,lek mangkat ditelatake rong menit tak kira
kowe ora bakal nemoni kedadeyan mangkene.” Suarane pakdhe ndhodog
jantung tumekan embun-embunku. Aku kagetlan getun, sadar apa kang dimaksud lan
dikarepake pakdhe, duh pangapurana aku.
“saiki
meh piye? Nerusake nang Yogya apa mulih? Apa gogok kene wae ?”
kandhane Pakdhe. Kanti bingung aku njawab” lha apike piye Pakdhe?”. “ atimu
mantepe piye?” sumaure pakdheku. Kanti rada bingung aku sumaur” ehm arep bali
wae lah, gek wiwitane wae wis kaya ngene, samar aku Pakdhe…., eh lha mengko yen
diseneni piye?”. “ sapa sek nyeneni wong alangan? Sek jenenge alangan ki bisa
ngenani mbek sapa wae, lan nang ndi wae papan dununge, teka omong apa anane wae
nang Bapak Ibumu” kandhane pakdheku kanti alus.“ nggih, maturnuwun” kandhaku
kanti alun. Jaket njur tak enggo , aku banjur pamitan. Honda tak gas, omahe
pakdhe saya suwe saya ra ketok, mung kandhane pakdhe kang isih ngecap ana ati
lan mbrengengeng ana kuping. “ nek kowe mau ki ,lek mangkat ditelatake
rong menit tak kira kowe ora bakal nemoni kedadeyan mangkene”
autobiografi: Luwih Budi Pawening
Tepangaken
Tepangaken, nama kula Luwih Budi Pawening. Lahir wonten ing
tlatah Magelang rikala toya sampun sami kesah saking sasananipun. Papan dunung kula inggih punika wonten Dhusun
Klebeng, Desa Tempak, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang, Jawi Tengah. Ageman kula Alhamdulillah Islam (ndilalah mekaten). Tamat Sekolah Menengah Atas (SMA) wonten ing SMAN 3
MAGELANG ing tahun 2011. Tamat Sekolah Menengah
Pertama (SMP) SMPN 1 CANDIMULYO ing tahun 2008. Tamat saking SDN Tempak 1 rikala
tahun 2005. Tamat saking TK Pertiwi Tempak 1 ing taun 1999 Samenika nembe
kuliah wonten ing Universitas Negeri
Yogyakarta Jurusan Pendidikan Bahasa
Daerah.
Kula putranipun Bapak Urip lan Ibu Misih. Kula putra kaping
pisan lan nggadhahi rayi ingkang nama Puput Parsudi. Samenika nembe sekolah
wonten SMK Adipura Magelang. Simbah kula asmanipun Amat Sayuti lan Asma Prawira
Tukidjan. Bapak sah ibu kula punika tiyang dhusun saha kalebet tani. Tani
ingkang alit-alitan amargi dereng gadhah kebun minyak hahaha...
Karemenan kula inggih menika mlampah-mlampah dhateng
panggenan ingkang taksih alami, kadosta pesisir lan pegunungan. Maeman favorit
kula inggih menika kupat tahu, dene ombenipun inggih menika wedang rondhe lan
wedang jahe. Kewan klangenan kula inggih menika dara kaliyan iwak lele.
Pepenginan kula inggih menika damel marem manahipun tiyang sepuh kula.
Tiyang ingkang dados idola kula inggih menika Bapak kula,
Ir. soekarno, Bapak Soeharto, lan Panembahan Senapati. Slogan kula inggih
menika aku manusia ingin felicity and notorety ingin nasibku diubah yakinku
akan sayangMu Allahku Robiku Illahiku.
Kula kinten kula dereng saged ngangkat asmanipun tiyang
sepuh kula, namung kula sakedhik-sakedhik sampun saged meseming tiyang sepuh
kula. Rikala TK kula kula bodho sanged, mliginipun wonten ing bab nyanyi, lagu
TK ingkang kula remeni inggih punika Bintang Kecil saha Garuda Pancasila. Jaman
TK punika kula radi lincah menawi lotring, palah asring mborong bebungahipun.
Rikala jaman SD, kula kalebet lare ingkang tengah-tengah.
Rikala kelas setunggal kula nate njungkelaken juara kelas. Pas catur wulan I
kula Ranking 3, namung pas catur wulan II saha catur wulan III kula saged
ranking 1. Ringkesipun Jaman SD punika ngremenaken sanget. Rikala kelas 4, 5,
saha 6 kula asring ndherek Lomba, namung boten saged nembus 3 besar. Rikala kelas 6 tahun 2005 kula lulus kanthi
sae, saengga kula saged pinaringan bebungah saking Pak Lurah.
Kanthi biji Ujian SD ingkang radi sae, kula saged nerasaken
sekolah wonten ing SMP N 1 Candimulyo. Punika SMP favorit wonten ing kecamatan
Candimulyo. Wonten SMP punika kula nate
nulis karagan bab Maulud Nabi Muhammad SAW, alhamdulilah angsal juara 2. Wonten
SMP punika wonten Guru ingkang dados inspirasi lan dados guru favorit kula,
Asmanipun Bapak Silvester Wardaya, guru IPA ingkang kula anggep paling sae ing
antawisipun guru IPA ingkang nate kula sumerepi. Kula lulus sking SMP N 1
Candimulyo taun 2008, alhamdulilah saged ndherek 10 besar. Kanthi modal biji
UAN ingkang lumayan sae, kula lajeng nerasaken sekolah wonten ing kitha.
Tahun 2008 kula Sekolah wonten SMA N 3 Magelang. Wonten SMA
punika kula gadhah guru favorit inggih punika Pak Badawi, guru agama Islam
ingkang kathah paring wejangan dhateng kula. Kados-kados piyambakipun saged
maos ingkang wonten ing pikiran kula. Amargi saking punika, saengga
piyambakipun dados guru favorit kula. Wonten SMA punika kula radi kirang, amargi
taksih kaget kaliyan kanca-kanca kula ingkang rata-rata tiyang kitha, dene kula
kulina gesang ing dhusun. Lulus saking SMA watawis tahun 2011.
Tahun 2011 kula nerasaken lampah mangidul, pasipun wonten
ing karangmalang, UNY (Yogyakarta State University). Kula mlebet wonten ing Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah
(Jawa), Fakultas Bahasa dan Seni. Wonten kuliah punika kula mlebet wonten ing
kelas B. Sapunika kula sampun semester 5. Wonten kampus punika kula nate mlebet
wonten ing HIJAU, Hima Jawa.
Kinemat-namot ing driya, rinegem sagegem dadi. Yesterday for today, and today for tomorrow.
pengalaman: Desember Dudu Sasiku
Seminggu
kepungkur, pasipun dinten Rebo tanggal 4 Desember 2013 kula kenging tilanganwonten
ing Salam. Operasi tumraping kendaraan bermotor punika dipunleksanakaken amrih
para pengendara kendraan bermotor punika langkung tertib. Pengendara kedah
sampun gadhah ijin mengendara utawi sampun gadhah SIM (Surat Izin Mengemudi).
Kejawi punika pengendara ugi kedah mbekta STNK, minangka data kendaraanipun.
Menawi pengendara mboten mbekta punika, utawi mboten komplit anggenipun mbekta
mesthinipun nglanggar paugeran berkendara saengga saged
ketilang. Menawi ketilang punika mestinipun radi ngrugekaken amargi
kedah nebus surat tilang kalawau kanthi tebusan arta wonten ing persidangan.
Kejawi
punika, ingkang dados kawigaten wonten operasi punika ugi kondisi
kendaraanipun. Upaminipun lampu kedah murup, ban kedah standar, spion kedah
kalih, knalpot ampun bobokan, lan lampu ampun skotletan. Pokokipun, kondisi kendaraan ingkang
dipuntitihi punika kedah standar, ampun dipunvariasi. Menawi mboten standar
mesthinipun bakal ketilang.
Tilangan
kalawau sejatosipun sae sanget ancasipun. Mliginipun supados kawujudaken
lalulintas ingkang tertib saha lancar. Kejawi punika ugi supados saged ngirangi
utawi nyegah lakalantas utawi
kecelakaan lalu lintas. Bab punika sae sanget amrih slametipun sedaya tiyang
ingkang ngginakaken mergi.
Raos
kula rikala ketilang sejatosipun mangkel sanget, amargi namung lampu
dipunskotlet kok dados pelanggaran. Wonten tilangan punika kula dipunsebut
bilih kula terlalu baik hatinya. Punika
amargi jawaban kula rikala dipuntangleti alesanipun masang skotlet wonten lampu
punika amrih kendaraan sanes ingkang pethukan kaliyan kula boten silo utawi
keblereng amargi lampu kula padhang sanget. Menawi siang panci boten ketingal
namung menawi dalu mesthi silo, palah saged marai gedandaban.
Rikala
kula dipunadhepaken dhateng ingkang mimpin wonten operasi punika, kula radi
bingung. Amargi kula nembe mawon maos serat Sotyarinonce ing pundi wonten mriku
dipunsebutaken bilih kita kedah wantun ngakeni lepat. Kaliyan kula taksih
kelingan idiom wani ngalah luhur wekasane. Amargi saking punika, pramila kula
dados bingung lan kersa tanda tangan satunggal jam sasampunipun. Sasampunipun
kula pikir lan kula emut-emut, punika sasi Desember. Tahun wingi, pas sasi
Desember kula inggih ketilang, pasipun tanggal 15 Desember 2012 lan sidangipun
tanggal 31 Desember 2012. Dene ingkang sapunika tanggal 4 Desember 2013
sidangipun tanggal 14 Desember 2013. Kula kinten, sasi Desember sanes sasi
kula, namung sasinipun para petugas kangge \Operasi kendaraan haha...
Senin, 23 Desember 2013
profil: Kreator Rempeyek Kacang Bulat Cap Salindri
Kreator Rempeyek Kacang Bulat Cap Salindri
Manungsa minangka titahipun Gusti ingkang
sampurna, bab punika saged dipuntingali saking pola pikir, kecerdasan
kabudayan, pakaryan saha kreativitas. Kreativitas manungsa punika boten
salawasipun mekar, namung ugi mandheg utawi vakum. Kevakuman punika dumadi
amargi pola pikir wonten penggalih punika sampun radi males dipunajak
mlampah. Kangge ngasilaken setunggal ide
kemawon sampun kraos awrat. Kamangka kita mangertos menawi ide-ide punika minangka penggedor
kreativitas.
Mawi kreativitas,
kita tansah ngupaya ngasilaken bab ingakng anyar saha benten kaliyan sanesipun.
Bab anyar wonten punika saged asipat
pembaharuan jenis utawi pembaharuan
kualitas.Kanthi ngasilaken bab anyar punika pramila kita badhemengeksplorasi saha ndadosaken minangka lapangan pakaryan.
Wonten ing baba pakaryan, boten saday tiyang saged makarya trepkaliyan
manahipun, kathahipun namung nginthil dhateng tiyang sanes. Kamangka kita
mangertos menawi kanthi ngasilaken lapangan
pakaryan utawi pengkonkretan ide
cemerlang wau saged ngasilaken satunggaling usaha. Usaha ingkang kita kenal
kanthi sebutan wirausaha.
Nglampahi wirausaha
punika ageng sanget paedahipun, salentunipun ngasilaken yatra ugi saged
ngirangi pengangguran ing lingkungan kita. Bab punika, dening Pak
Dibya sampun dipunlampahi. Piyambakipun wirausaha Rempeyek Kacang Bulat Cap Salindri.Ide cemerlang punika pantes kita
tuladhani amrih saged migunani dhateng tiyang sanes. Pramila perlu
dipunpaparken kados pundi usaha
Rempeyek Kacang Bulat Hasil Kecermelangan Ide Bapak Dibyapunika.
Usaha rempeyek punika dipunedekaken dening Bapak Sudibya. Dalemipun
inggih punika wonten ing Jetis RT 20 RW 08 Tampir Kulon Candimulyo Kabupaten Magelang. Miyos ing Magelang,
rikala 29 September 1954. Piyambakipun nate sekolah wonten ing SD Sawangan, SMP
Sawangan, SPG Vanlid Magelang, saha kuliah wonten ing PGRI Yogyakarta ingkang
wonten ing Wates Kulon Progo. Piyambakipun inggih punika dados pegawai PNS
wonten ing Dinas Pariwisata Kabupaten Magelang. Asmanipun ingkang garwa inggih
punika Veronica Sudiratmi. Bapak Sudibya punika gadhah putra sekawan, ingkang
sapunika sampun sukses sadaya. Wonten
ing pakaryan piyambakipun gadhah sesanti
Bekerja Bersih sehat. Salentunipun
makarya wonten ing Dinas Pariwisata, piyambakipun ugi ngajar nari saha
karawitan.
Lajeng, wangsul malih wonten ing Usaha
Rempeyek Kacang Bulat. Usaha punika kalampahan kanthi dipunbiyantu dening
garwanipun. Miturut piyambakipun, ingkang nyepeng usaha punika sejatosipun
ingkang garwa, amargi piyambakipun namung mbiyantu rikala sampun wangsul saking
makarya, kejawi punika piyambakipun gadhah tugas ingkang masaraken Rempeyek
Kacang Bulat punika.
Rempeyek Kacang Bulatinggih punika salah satunggaling kasil kreatif saking ide ingkang cemerlang. Cemilan punika minangka stunggaling terobosan terbaru mliginipun wonten bab
bentuk saha ukuranipun. Rempeyek punika ukuranipun kecil bulat saha pas sepisan dipuntedha. Maksudipun sepisan
mendhet langsung telas tanpa nyuwil-nyuwil kados peyek sanesipun. dipundeleng
bab etika saha estetikanipun panci narik kawigaten saha sae. Etikanipun menawi
nedha kedahipun saking alit-alit saha menawi sagedsepisan mendhet langsung
telas. Estetikanipun saged katingal saking bentukipun ingkang mungil, unik saha
pas wonten tutuk, saengga boten sisah menawi dipuntedha.
Oh inggih, asal muasalipun usaha punika
namung cobi-cobi kemawon. Idenipun punika wiwitanipun pengin damel peyek
ingkang boten ngregeti asta saha saged langsung telas sepisan mendhet.
Usaha rempeyek punika namanipun Usaha Rempeyek Kacang Bulat Salindri Swa
Mandiri. Dipunparingi nama kados makaten amargi kacangipun alit-alit,
ukuran rempeyekipun ugi kados makaten. Palah saged dipunsebut bilik peyekipun
punika mungil saha pas wonten ing tutuk.
Miturut piyambakipun ugi, modal saking usaha
punika inggih namung komitmen saking dhiri pribadhi, niat, saha kersa kerja
keras. Modal punika ingkang dados kunci kesuksesan.
Usaha rempeyek punika saged ngasilaken omzetsaben wulan kirang langkung 10
yuta. Keuntungan resikipun inggih punika 2 yuta, dene ingkang 8 yuta
dados modal kangge biaya produksi
saha tumbas bahan pokokipun.
Anggenipun mroduksi rempeyek
punika, piyambakipun dipunbiyantu karyawan 4-6 tiyang saben dinten. Bab punika
supados saged nyekapi kabetahan pasar. Kanthi karyawan punika, Pak Dibya punika
saged ngasilaken rempeyek kirang langkung 10-15 kg saben dinten, dene saben
wulanipun saged ngasilaken 400 kg. Usaha punika dipunmilai saking tabuh 08.00
enjing dugi tabuh 04.00 sonten. Sadaya karyanipun punika rata-rata lulusan SD
saha SMP.
Anggenipun ngurus usaha punika, piyambakipun
dipunbiyantu ingkang Garwa. Usaha punika minangka usaha sampingan amargi Pak
Dibya piyambak dados pegawai wonten ing DinasPariwisata Kabupaten Magelang.
Usaha rempeyek punika pemasaranipun sampun
radi wiyar. Miturut piyambakipun pemasaranipun sampun dumugi Purwokerto. Ewa
makaten, ingkang dados dhaerah pemasaran utaminipun inggih punika Magelang saha
kiwa tengenipun.
Piyambakipun ngendika bilih usaha rempeyek
punika kanthi ide damel peyek ingkang alit punika dados ingkang kapisan. Saking
andharan punika saengga boten lepat menawi piyambakipun dipunsebut dadoskreator cerdas. Usaha punika ugi sampun
angsal pengakuan saking pemerintah, inggih punika kanthi wontenipun cap
Dep.Kes.RI.No.SP.189/11.11/1996. Kanthi pengakuan punika pramila industri rumah
tangga punika sampun layak uji saha patut dipunapresiasi amargi sampun
dipunjamin mutu saha kualitasipun.
Wonten gesang punika mesthi wonten kendala ingkang ngadhang, semanten
ugi kaliyan usaha rempeyek punika. Kadhangkala wonten kendalanipun, upaminipun
menawi regi bahan pokokipun minggah, saengga biaya produksinipun ndherek minggah pramila keuntunganipun badhe kirang. Langkung-langkung menawi BBM mindhak
reginipun. Kangge ngatasi bab punika, pramila piyambakipun ngindhakaken regi
pemasaranipun.
Saking andharan ing inggil pramila saged dipunsebut bilih usaha Rempeyek
Kacang Bulatpunika minangkasatunggalingterobosan
terbaru wonten babcemilaningkang
ngewrat etika saha estetika. Usaha punika awalipun saking cobi-cobi tumraping ide saking gagasan cemerlang.Usaha punika namanipunUsaha Rempeyek Kacang Bulan Cap Salindri mapanipun wonten Jetis RT
20 Rw 08 Tampir Kulon Candimulyo
Kabupaten Magelang. Inti saking usaha punika inggih punika kedah kerja keras sahatahan banting serta tansah nyobi bab aenggal supados tetep eksis.
a. Nama : Bapak Sudibya
Batik Motif Gringsing Bintang
Batik Motif Gringsing Bintang
Motif
Gringsing punika kalebet salah
satunggaling motif batik ingkang
sampun sepuh yuswanipun, inggih punika wiwit abad XIV (buku Pararaton). Bentuk
saking motif punika arupi sisik iwak saha ing tengahipun wonten titik kados
mripat. Motif punika miturut kamus van der Tuuk, Geringsing inggih punika nama ageman wayang
jaman rumiyin (Berpatih geringsing
lakon Arjuna). Motif gringsing punika sanget kawentar ing tlatah Pekalongan.
Motif dasar, wonten motif
Gringsing Bintang, dipungambaraken sisik iwak dados gambar utami (background) ing sawingkingipun gambar
bintang. Saben sisikiwak punika dipungambaraken mawi werni pethak kanthi garis
wates (pembatas)
werni soga (soklat) saha dipunisi cecek.
Wonten ing motif Gringsing Bintang, motif isenanipun kadamel saking gambar
ingkang polanipun awujud lintang. Isen-isenanipun rata-rata asipat geometris saha kaukur. Wonten ing
salebeting motif Gringsing Bintang
punika, ugi wonten motif kembang ingkang gadhah mahkota wolu iji kados nggambaraken
arah mata angin. Antawisipun motif
isen dipungayutaken kaliyan bentuk persagi saha persagi panjang ingkang
dipunsusun tumpuk, dados katinga wonten wolung arah. Isenan sanes inggih punika
bentuk bunder saha gambar tandha palang. Ing saben bentuk bunderan wau, ing
lebetipun taksih wonten bentuk lonjongan panjang werni pethak ingkang
kados-kados awujud mripat. Sadaya gambar isen-isen saking motif Gringsing Bintang punika sadayanipun nggambaraken bentuk
lintang saha tandha arah(mata angin).
Filosofi saking motif batik Gringsing. Werni pethak
punika nedahaken kasucen, katentremaning manah, kekendelan, sarta sipat sugih pangapura dening panganggenipun
kanthi kebak kawicaksanan ingkang ngupaya nuduhaken arah ingkang leres saha
gadhah keleluasaan lintang-lintang
ingkang tansah paring kaendahan saha katentreman manah, ingkang ugi
dipunsartani kanthi kasugihan ingkang boten kaetung, kados gunggungipun sisik
iwak ingkang wonten motif kasebut. Kajawi
punika, motif gringsing ugi gadhah
werni ireng saha pethak. Tegesing werni ireng nglambangaken kelanggengan. Dene
werni pethak nglambangaken pagesangan. Kekalihipun gadhah teges ingkang sami
kaliyan Bango Tulak. Motif punika
dipunginakaken minangka tolak bala dipunsartani kanthi kasugihan lair saha
batos ingkang ngginakaken kados abyoring lintang-lintang saha sisik iwak
ingkangboten kaetung gunggungipun amrih langkung wicaksana.
Wonten ing pewayangan, motif punika dipunagem
deningsatria saha pemimpin. Piyambakipun gadhah pengajeng-ajeng supados saged
pinaringan kawicaksanan, landhep ing penggalih, sugih lair batos kados lintang
saha sisik iwak. Lajeng, wonten
ing pagesangan padintenan motif punika dipunagem dening sinten kemawon, boten
wonten pantangan, sadaya mawon angsal ngagem. Ewa makaten badhe langkung greng
menawi dipunagem rikala wonten upacara
khusus.
Sumber :
Kuswa E.2006.Busana
Jawa.Yogyakarta: Fakultas Bahasa Dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta
artikel Budaya : IDIOM SEMANTIK ING BASA JAWI
IDIOM SEMANTIK
ING BASA JAWI
A.
Dhasaring
Panyeratan
Idiom wonten
ing saben dinten dipunsebut
kanthi sebutan
slogan. Idiom punika caket sanget
kaliyan gesang ing saben dinten tumraping kula saha
panjenengan.Langkung-langkung tumrap tiyang jawi, palah boten saged uwal
saking slogan utawi idiom punika.Ewa makaten taksih kathah
tiyang ingkang bingung kaliyan idiom punika, kamangka dipunangge saben
dinten.Idiom-idiom
punika kalebet kasiling sastra saha budaya ingkang patut dipuntuladhani.
Mawi idiom-idiom punika, pitutur adi
luhung saged dipunwarahaken tumraping manungsa wonten ing masarakat punika.
Pramila langkung sae menawi dipunandharaken babpangertosanidiom,jenis idiom, tuladha, saha jeroan saking idiom
punika, amrihidiom-idiom
punika boten ical saking ganasing jaman
globalisasi kang meksa kedah gaul.
Mawi idiom-idiom punika ugi saged
nyengkuyung nglestantunaken kabudayan jawi, mliginipun ingkang gegayutan
kaliyan sastra saha
basa.
Saking andharan woten ing inggil saged dipun pendhet undheranipun pirembagan, inggih
punika: (1) Punapa
ingkang ingkang dipunwastani idiom punika? (2) Punapa jenis
saha tuladhanipun idiom basa jawi punika? (3) Kados pundi gegayutanipun idiom kaliyan
kasiling kabudayan ?
Ancas saking pirembagan punika antawisipun: (1)Mangertosi
pangertosan bab idiom wonten ing basa Jawi (2)Mangertosi jenis saha
tuladha idiom wonten ing basa jawi (3)Mangertosi gayutanipun idiom basa jawi
kaliyan kabudayan, mliginipun bab sastra
B.
PAREMBAGAN
Saderengipun
ngancik jenis-jenising idiom,
langkung sae menawi dipunandharaken pangertosan idiom punika
rumiyin.Sejatosipun punapa ta ingkang
dipunwastani idiom punika? Saha kenging punapa
idiom saged dipun sebut minangka kasiling
kabudayan?. Pitakenan punika temtunipun ngerubungi
sirah kula saha
panjenengan sadaya,
palah kados mijeti sahanyebabaken
pating krejut. Wangsul malih wonten
babidiom. Idiom
punika ing saben dinten ugi saged dipunarani unen-unen(cara kasare). Menawi wonten ing ilmu basa, idiom punika nggadhahi teges bilih idiom punika minangka ungkapan
ingkang asalipun saking gabungan kalih tembung (frasa) ingkang damel teges enggal saha mboten gegayutan
kaliyan tembung dhasaripun. Dados maknanipun punika mboten waged dipungebyah uyah, namung kedah
dipunpenggalih kanthi raos ingkang wening. Kejawi makaten, ugi wonten ingkang
mastani idiom punika minangka ungkapan basa saking gabungan tembung (frasa) ingkang tegesipun sampun
manunggal saha
boten saged dipuntafsiraken kanthi makna saking unsur-unsur dhasaripun. Dados, gampilipun idiom punika saged
dipunsebut
slogan utawi sesanti.
Sasampunipun
mangertosi pangertosan idiom, prayoginipun ugi
mangertosi pangertosan semantik.
Amargi idiom-idiom punika dados objeksaking
semantik. Miturut Slamet Mulyana(Mulyana(2008:1))
mastani bokbilih semantik inggih
punika panaliten teges tembung wonten basa tartamtu miturut penggolonganipun.
Kanthi mekaten sageddipunaturaken bokbilih semantik
punika pengin ngendikakaken makna(teges),
utawi salah satunggaling ilmu ingkang nyinaoni teges(makna) tembung, frasa,
kalimat,saha teks.Saking
andharan punika, saged dipuntingali kanthi cetha bokbilih idiom punika dados bidang
kajian semantik ingkang badhe ndhudhah
teges utawi maknanipun.
Idiom
punika wonten ing pagesangan punika bernuansa
kultural utawi radi mambet-mambet kabudayan. Kados
pundi kok saged makaten?Inggih , idiom saged dipunanggep bernuansa kultural amargi idiom-idiom
punika kalebet kasiling kabudayan ingkang gegayutan kaliyan sastra jawi. Sastra
jawi punika kalebet nilai-nilai kabudayan daerah ingkang saged nyengkuyung harkat,martabat,jati dhiri,saha kapribaden bangsa
ingkang kanthi boten langsung saged ndadosaken
identitasbangsa wonten ing
pagesangan punika.
Idiom
punika ugi kalebet tradhisi
lisan.Nilai-nilai budaya ingkang kawerat ing idiom-idiomJawi dipunangkat minangka salah satunggaling unsur budaya ingkang damel Kabudayan Nasional. Kanthi makaten, idiom( jawi) punika dados
identitas lokal ingkang kedah dipun jagi lan dipunkrembakaken sinambi
menggalihaken budaya enggal ingkang langkung sae. Idiom punika ugi kalebet
budaya jawi ingkang sae lan dados objek wigati amargi dados dhasar masarakat Jawi.
Lajeng
punapa ingkang saged ndadosaken idiom
punika? Pitakenan punika temtu ugi mbayang wonten ing penggalih. Supados
langkung gampil mangertosi punapa ingkang ndadosaken idiom punika, pramila sumangga kita
tingali malih konsep saking budaya
punika. Budaya inggih punika minangka paugeran-paugeran sahastrategi ingkang dipunginakaken manungsa kangge njumbuhaken dhiri tumrap lingkunganipun.
Budaya ugi minangka konsep kados pundi kedahipun gesang dipuntindakaken ,
pramila basa lokal ingkang minangka salah satunggaling unsur budaya ugi
ngandharaken konsep ngkang sami. Basa lokal nuduhakren bab ingkang kedah dipun
pahami wonten ing masyarakat ingkang ngginakaken basa kasebat, tegessipun
punapa ingkang kakndhut wonten ing basa lokal( Jawi) punika minangka bab ingkang trep dipun terapaken ing
lingkungan penutur. Basa lokal punika ancasipun supados manungsa saged tumindak
kanthi cara spesifiksahaboten damel
rusuh.
Idiom-idiom
punika panggenanipun wonten ing lebetipun basa, basa ingkang dipunmaksud ing
mriki inggih punika basa Jawi. Paugeran-paugeran gesang lan ajaran-ajaran adi
luhung biasanipun dipun ajaraken mawi basa. Amargi basa punika minangka pirantoskangge sesambetan(komunikasi), ingkang temtunipun
ngandhut tataran tatakrama. Kanthi makaten saged dipunaturaken bokbilih idiom punika dumadi saking ancasing
gesang ingkang langkung sae ingkang dipunwujudakaen wonten ing basa. Basa ing
mriki inggih punika basa Jawi.
Punapa
kemawon jenis-jenis idiom wonten ing Basa Jawi punika? Basa jawi punika kalebet
basa ingkang nggadhahi nilai sastra
ingkang inggil amargi gadhah paugeran khusus
ingkang boten dipungadhahi basa sanes.Nilai-nilaisastra
kalawau saged dipuntingali saking jenis-jenising
idiom wonten ing Basa Jawi punika. Idiom-idiom
wonten ing Basa Jawi antawisipun inggih punika: paribasan, bebasan, saloka,wangsalan,
parikan, keratabasa, saha
cangkriman.
Paribasan
inggih punika unen-unen ingkang ajeg panganggenipun, mawi
teges entar sahaboten
ngemu suraos pepindhan.Tuladhanipun inggih punika keplok ora tombok, nyolong
pethek, kepara-kepere,kerot tanpa untu,saha criwis cawis.Keplok ora tombok tegesipun
ngraosaken bingah namung boten cucul ragad.Nyolong pethek tegesipun kadadosan
ingkang dumadi mboten jumbuh kaliyan pangajeng-ajengipun.Kepara-kepere
tegesipun boten adil anggenipun mbagi barang tartamtu.Kerot tanpa untu
tegesipun kathah gadhah panjangka namung boten gadhah kekiyatan.Dene teges
saking criwis cawis inggih punika tiyang ingkang kathah micara namun ugi sregep
saha
cak-cek anggenipun makarya.
Bebasan
inggih punika tetembungan utawa unen-unen ingkang ajeg panganggenipun ngemu suraos
pepindhan, ingkang dipunpindha kahananipun tiyang utawi barang. Tuladhanipun: wis kebak sundukane, nututi layangan pedhot,
cebol nggayuh lintang, ngeyup ngisor awar-awar, saha kebak luber kocak-kacik. Wis kebak
sundukane, punika nggadhahi teges bokbilih sampun kebak dosanipun, ugi saged
dipunwastani bok bilih sampun wayahe konangan(tumrape maling).Nututi layangan pedhot tegesipun nututi barang
ingkang boten aji sahaboten
kurup kaliyan
rekasanipun anggen jejibahan nututi barang kalawau.Cebol nggayuh lintang,
punika tegesipun tiyang ingkang panjangkahanipun ageng sanget, kepara dipunwastani
mokal kelakon. Ngeyup ngisor awar-awar tegesipun nyuwun pitulungan tumrap
tiyang ingkang mboten kadhah kekiyatan, tiyang ringkih(tiyang alit).Dene teges saking kebak luber kocak-kacik inggih
punika tiyang ingkang kekebaken ilmunipun malah saged owah penggalihipun, alias
miring(edan).
Saloka
inggih punika tetembungan ingkang
ajeg panganggenipun,
ngemu suraos pepindhan saha teges entar.Ingkang
dipunsalokaken inggihpunika
kahanan tiyangipun. Tuladhanipun: gajah ngidak rapah, sumur
lumaku tinimba, kebo kabotan sungu, timun mungsuh duren, saha tumbu oleh tutup.
Gajah ngidak rapah tegesipun tiyang ingkang nglanggar tumrap wewaleripun
piyambak.Sumur lumaku tinimba tegesipun tiyang ingkang kumudu-mudu dipunsuwuni
wewarah.Kebo kabotan sungu tegesipun tiyang ingkang rekaos gesangipun amargi
kekathahen anak. Timun mungsuh duren tegesipun tiyang alit mungsuh tiyang
ageng. Dene teges saking tumbu oleh tutup inggih punika memitran ingkang cocok
sanget(klop).
Wangsalan
inggih punika unen-unen kados cangkriman namung dipunbatang piyambak.Tuladhanipun kapi jarwa,
dak pethek mangsa wurunga.Kapi jarwa tegesipun kethek, saengga dipun batang
kaliyan dak pethek.Tuladha sanes, reca kayu, goleka kawruh rahayu.Reca kayu
tegesipun (wayang) golek, ingkang dipunbatang kaliyan tembung golek.Balung
jagung, sampun ketanggelan.Balung jagung tegesipun janggel, dipunbatang kaliyan
tembung ketanggelan.Ron so, sampun sayah nyuwun ngaso.Ron so tegesipun godhong
so, dipunbatang kaliyan tembung ngaso.
Parikan
inggih punika unen-unen kingkang dumadi saking kalih ukara, ukara sepisan damel
narik kawigaten, ukara kaping kalih minangka wos(isi). Upaminipun:(1) wajik klethik
gula jawa , luwih becik sing prasaja (2) Jambu apa jeruk, aku melu apa entuk (3) Tuk gelas ing
beningan, tiwas tak gagas palah ra kelingan (4) Jemek-jemek gula jawa,
aja ngenyek
karo kanca, lsp.
Keratabasa
inggih punika basa utawi tembung ingkang dipunkerata. Upaminipun: (1) anak, apa-apa
kudu ana lan enak
(2) Bapak, bab apa-apa bisa gawe pepak. (3) Kaji, tekade mung
siji. (4) Garwa,
sigaraning nyawa. (5)
Tebu, antebing kalbu. (6)
Cengkir, kencenging pikir. (7) Tandur, ditata sinambi
mundur. (8)
Krikil, keri-keri ing sikil, lsp.
Cangkriman
inggih punika unen-unen ingkang kedah dipunbatang maksudipun. Cangkriman punika
wonten tiga, inggih punika cangkriman wancah, cangkriman pepindhan,saha cangkriman
wujud tembang. Tuladhanipun cangkriman wancah inggih punika (1) pak lawa, tapak ula dawa (2) Burnas kopen, bubur
panas kokopen (3) Lut
mae ndhut yu mae rong, welut omahe lendhut, yuyu omahe ngerong.
Cangkriman
pepindhan tuladhanipun:
(1) pitik walik saba kebon(nanas) (2) Sega sakepel dirubung
tinggi(salak) (3) Kebo
bule cancang merang(buntil)
(4) pitik walik saba meja(sulak). Dene tuladhane cangkriman
wujud tembang yaiku bapak pucung, dudu
watu dudu gunung, sabamu ing plembang, ngon-ingone sang Bupati, yen lumampah
sipucung lambeyan grana. Tegesipun inggih punika gajah.
C.
PANUTUP
Saking
andharan ing inggil, saged dipun wastani bokbilih idiom jawi punika mboten tebih saking padintenan namung kathah
ingkang dereng paham kaliyan idiom punika piyambak.Kejawi punika, idiom punika ugi saged dipun wastani
bokbilih idiom punika minangka
kasiling kabudayan mliginipun sastra jawi ingkang saged dados sarana pitutur
adi luhung minangka panjangkah nggadhahi jati dhiri bangsa.Janur kupat blarak
tuwa, menawi lepat nyuwun ngapura.Matur nuwun.
D.
DAFTAR
PUSTAKA
Mulyana.2008. Semantik Bahasa jawa. Yogyakarta: UNY
Press.
Langganan:
Postingan
(
Atom
)