Pulo
Bali punika pulo alit. Masia alit namung Bali punika kalebet puloingkang
unik. Saking keunikan punika adamel Bali
punika dados papan wisata ingkang sae. Mboten namung turis domestik kemawon ingkang tindak mrika, kepara turis asing punika kathah ingkang mrika, prasasat saben dinten
mboten sepen kaliyan Bule. Pulo alit punika dunungipun wonten sakwetanging pulo
Jawa kalebet wonten wilayah Indonesia
Tengah.
Pulo
bali punika saklentunipun nggadhahi pemandanngan alam ingkang edi peni ugi nggadhahi tatacara gesang
ingkang tansah dipunpepunthi. Tatacara gesang masarakat Bali wonten lingkup
sosial, ekonomi, adat lan budaya punika dipunjiwai kaliyan ajaran Hindu saengga
gesangipun tansah ngupiya wonten asas
keseimbangan utawi keharmonisan.
Pola keharmonisan punika kaserat
wonten konsep Tri Hita Karana. Pramila tiyang Bali punika anggenipun gesang
tansah ngupiya wonten ing pola keharmonisan lan keseimbangan antawisipun alam mikro ( bhuana alit) kaliyan alam makro (bhuana agung).
Salah
satunggaling proses anggenipun madosi keseimbangan
antawisipun bhuana alitkaliyan bhuana
agung inggih punika wonten petungan mbangun griya. Mbangun griya wonten ing Bali punika
masarakatipun tanah ngiblat utawi nyepeng tatacara ingkng dumugi sakmenika
taksih dipunpitadosi nggadhadhi dampak positif
wonten ing gesang punika.
Paugeran-paugeran
damel anggen damel griya kala wau temtunipun narik kawigaten. Saking punika
prelu dipun mangertosi kados pundi paugeran-paugeran kala wau. Lha wonten ing
ngandhap punika wontenjlentrehan sekedhik saking paugeran damel griya wonten
ing masarakat bali. Paugeran kalawau inggih punika Hasta Kosala Kosali, Tri
Loka, Tri Angga, Tri Mandala,Rwa Bhineda saha adedasar pepanginan supados
tentrem raharja.
1.
Hasta
Kosala Kosali
Hasta Kosala
Kosali punika menawi dipunibaratken kaliyan ilmu Fengshui saget dipunumpamakaken bilih paugeran Hasta Kosala Kosali
punika Fengshuinipun tiyang bali,
inggih punika minangka tata cara, tata
letak lan tata bangunan kangge
bangunan gesang (tempat tinggal) lan papan sembahyang (tempatsuci) ingkang wonten ing Bali kang trep kaliyan landhesan filosofis, etis, lan ritual kanthi
ningali konsepsi perwujudan, milih
papan (lahan), lan dinten sae damel
mbangun griya.
Asta kosala
kosali punika tatacara damel nata panggenan kangge tempat tinggal kaliyan
kangge papan suci. Tatacara punika adhedhasar anatomi tubuh manungsa.
Anggenipun ngukur mboten mawi meteran, namung mawi: musti, hasta lan depa. Musti punika ukuran tangan ngepel kanthi
jempol madhep nginggil. Hasta punika
ukuran kanthingilani saking ugel-ugel dumugi driji ingkang tengah. Depa punika ukuran kanthi
ndhepaplangaken tangan kalih.
2.
Triloka
Triloka punika
wonten werni tiga inggih punika bhur loka, bwah loka lan swah loka. Bhur loka
punika dhasar bangunan (sikil). Bwah loka badan bangunan (awak). Swah loka
punika atap bangunan (sirah).
3.
Triangga
Aturan mawi
triangga inggih punika nista, madya lan utama. Nista punika bangunan ingkang
paling ngandhap piyambak lan nyangga inggilipun(pondhasi) srta kadamel saking
wedhi. Madya punika bagian tengah ingkang wonten bangunan, kadosta tembok,
jendela lan lawang ingkang nggambaraken alaming manungsa. Utama punika bagian
(suci) ingkang paling inggil, kadamel saking duk lan alang-alang.
4.
Tri
Mandala
Utama mandala,
merajan (papan sembahyang) minangka kiblat srengenge lan gunung. Madya mandala
papan damel tilem. Nista mandala damel teba utawi pekarangan winging griya.
5.
Rwa
Bhineda (kosok balen)
Luan teben,
minangka sirah kiblatipun srengenge dene teben kiblatipun laut. Siang dalu,
siangdamel kerja, dalu damel leren.
6.
Tri
Hita Karana
Parahyangan,
istananipun Hyang widhi. Pawongan, tempat
tinggal manungsa. Palemahan, pekaranganinggriya.
7.
Kepenginan
supados tentrem
Merajan papankangge
dedonga lan nyuwun karaharjan. Griya damel njagi awak jasmani.
Werna
wonten ing Bali punika Hirarkial
saengga damel pengaruh wonten tata ruangipun. Griya badhe dipunbagi nenggih
jaba lan jaba jero. Jaba papan paling njawi dene jaba jero ruangan wonten
lebeting griya
.
Bagian-bagianipun
inggih punika:
2. Umah Meten
punika papan damel sare saengga papanipun kedah terhormat.
3. Bale Sakepat
punika papan damel tilem lare utawi anggota kulawarga ingkang taksih alit.
4. Bale Tiang Sanga
punika damel nampi tamu.
5. Bale
dangin punika papan damel leyeh-leyeh lan damel kerajinan seni.
6. Lumbung
punika papan damel nyimpen kasil panen arupi pari lan kasil tetanen sanesipun.
7. Paon
papan damel masak kulawarga.
8. Aling-aling
punika bagian entrance papan damel
(pengalih jalan) dalan mlebet saengga boten lurus mlebet namung menggok ngiwa
utawi nengen rumiyin supados gegambaran lebet griya mboten katon saking njawi.
9. Angkul-angkul
papan damel mlebet saking njawi ingkang arupi gapura lan kados candi bentar
wonten pura.
Kados makaten gegambaraning paugeran
griya wonten ing bali. Sadaya kalawau namung ngajab supados gesangipun saget
tata titi tentrem kerta raharja kanthi ngupiya supados sajajar tumraping bhuana
alit lan bhuana agung. Sasanesipun punika kita ugi mangertos bilih griya punika
minangka kabetahan primer ingkang
temtunipun mboten namung dados papan panggonan kemawon namung ugi damel njagi
kulawarga supados tansah sehat lan mboten kepanasen lan kejawahan, saengga
paugeran-paugeran kalawau dipunpepunthi amrih damel karaharjan tumrapipun
ingkang manggeni. Sae punapa awon punika salah satunggaling ide gagasan ingkang
becik pramila ampun dipunpriksani kanthi wantah. Wallahu’alam.
Tidak ada komentar :
Posting Komentar