transliterasi

Sabtu, 23 November 2013

news feature: Topeng Ireng Cakra Rimba



topeng-topeng ireng reng sing rupane ala, nadyan rupane ala nanging unggal bangsa, kula dugi mrikiki kula sowan mriki, badhe nglipur ati masarakat mriki....” nyanyian khas topeng ireng kang mesthi dipunsekaraken punika, keprungu gemandhing saking griyanipun Pak Bejo kang nanggap Dayakan Cakra Rimba.
Rikala dinten Minggu Legi surya 29 September 2013, Cakra Rimba pentas ing Tegalsari kanthi pangajab pengin nglipur masarakat ing sakiwa tengen desa mriku. Pentas ingkang sakpunika benten kaliyan pentas biasanipun, amargi pentas dinten niku dipun raos spesial. Punika mboten liya amargi ingkang nanggap(Pak Bejo)nembe mawongadhah damel mitoni ingkang wayah.
Pentasipun punika wiwit tabuh 01.00 siang dumugi tabuh 05.00 sonten. Dayakan dipunbuka mawi tampilan Dayakan Bocah lan dipunpngkasi kaliyan Dayakan Ageng. Tontonan ing dinten punika lumayan rame ingkang nonton. Amargi topeng ireng punika kalebet kesenian ingkang taksih dipun gandrungi dening masarakat ing Magelang, mligipun Candimulyo. Kados Pak Bejo ingkang nanggap dayakan punika damel mitoni wayahipun.
Cakra Rimba punika asalipun saking dhusun Gandek Tempak  Candimulyo Magelang. Dhusun punika sampun gadhah asma ingkang lumayan edi peni amargi masarakatipun remen kaliyan olah seni budaya Jawi, mliginipun dayakan punika. Dayakan punika kadang kala dipun sebat kanthi nama Topeng Ireng. Dipun sebat makaten amargi rupanipun ireng lan clorang-cloreng.
Dayakan saking dhusun Gandek punika madeg rikala 14 Maret 2008. Paguyuban punika madeg kangge majengaken desa. Ingkang dados pangarsa nenggih Pak Aan. Miturut pak Aan, inspirasi madegipun paguyuban punika amrih desanipun majeng lan saged dados wadah kangge kadang anem supados ndherek nguri-uri kabudayan jawi saha ningkataken ketrampilan lare dhusun Gandek.
Mula bikanipun tarian punika asalipun saking Borobudur. Tiyang ingkang ngadani pisanan nenggih Aki Sutopo. Piyambakipun punika salah satunggaling pertapa ingkang sekti. Ing tengahing alas pethuk kaliyan tiyang alasan ingkang taksih primitif, lajeng Aki Sutopo punika dipunangkat dados guru. Saksampunipun dangkat dados guru, piyambakipun mrentah supados babat alas saperlu badhe ngedekaken dhusun. Amargi kasil babat alas lan dipundadosaken padesan, tiyang dayak wau sami seneng-seneng kanthi jejogedan. Sejatosipun dayakan punika damel nyariosaken lampahipun Aki Sutopo kaliyan Tiyang Alas(dayak) kalawau anggenipun nguntabaken raos seneng amargi kasil babat alas lan madegkaken dhusun.
Saklajengipun, kesenian punika kawentar ing tlatah Magelang kanthi sebatan Topeng Ireng utawi Dayakan. Dangu-dangu dayakan punika saya ngremenaken lan saged cepet nyebar. Mboten kasupen dhusun Gandhek punika kenging virus dayak  punika. Miturut Aan, dayakan ing dhusunipun punika dipunpantha dados tigang kelompok dayak, inggih punika kelompok dayak Bocah, Dayak wadon saha dayak Ageng.



Anggenipun latihan inggih punika pendhak dinten kemis lan minggu ndalu. Papanipun wonten griyanipun Nyata wiwit tabuh 08.00 dumugi tabuh 11.00. Pelatihipun saking Dhusun Petung Kecamatan Pakis.
Cakra Rimba punika sakpunika sampun lumayan kawentar, kepara kathah job ingkang sampun ngantri. Miturut Aan, regi saben tanggapan punika benten-benten. “Regane tergantung adoh cedhake Mas, biasane limangatus ewu, kuwi kenebebas. Maksute mung gari mangkat, ora ngurusi transport, tratag lan sound” kandhane Pangarsa Cakra Rimba(Aan).
Lha nek ora bebas regane rada dhuwur wong kene jeh ngurus tratag, montor lan sound. Regane sound we wis pira dhewe Mas, 250. Durung tratagke 200 lan montore ya 200, nek ra diundhaki ya bodhol aku hahaha” imbuhe Aan sambi gumuyu.
Dayakan utawi  topeng ireng punika supados grengbiasanipun wonten ingkang ndadi(kesurupan). Para penaripun saget ndadi amargi kadangkala pikiranipun kosong saengga saget kelebon lan mboten eling. Ewa makaten ndadi punika sampun dados kadadean limrah, amargi ndadi punika waget nambahi gregetipun tarian dayakan kala wau. Biasanipun sampun wonten sesepuh ingkah nggadhahi tugas nambani ingkang ndadi punika. Mboten namung punika, saben pentas kedah wonten sajenipun, amargi tiyang ingkang ingkang ndadi biasanipun nyuwunipun sajen ingkang arupi jajan pasar, degan, wedang kopi kaliyan kembang telon. Awit saking punika, sajen punika sejatosipun damel jaga-jaga mbokmenawi wonten ingkang ndadi.
Kesurupan wonten kesenian kados topeng ireng punika boten bebayani, amargi sampun dipun atur lan dipun siapaken. “Nek ndadi ki ra bahaya Mas kan ora eling, dadine ya ra krasa, sakjane ndadi ki isa diumpamake goyang nang dangdutan. Dangdutan nek ra goyang lak ra asik ta Mas, semono uga karo ndadi ing dayakan, kurang marem yen ra ana sek ndadi”terangipun Aan.
Dados tiyang seni punika kedahipun pancen kreatif, semanten ugi kaliyan paraga dayakan punika. Sebagian besar saget ngrias piyambak saengga mboten ngrepoti kancanipun. Ubarampe ingkang dipunangge macak punika ugi mboten bebayani amargi gampil dipun ilangi. Cekap ngangge tisu basah sampun sami luntur.
Miturut Aan menawi kepengin badhe nanggap saget sowan ing dhusun Gandek, mangke sagetdipun rembag kanthi alus. Piyambakipun ugi nambahi menawi dayakanipun punika sanes kaliyen dayakan lentunipun, saengga saget damel bombonging manah ingkang nanggap. Pramila ampun kuciwa lan kuwatir kapusan. Mesthi bakal bungah lan angsal lelipur mawi Dayakan Cakra Rimba punika.

Tidak ada komentar :

Posting Komentar