Sepining
wengi ngemuli
Hawa
adem sukma iki
Gumreget
tresna ngrungkeli
Glangsarane
jiwa iki
Grambyangane
mendhung
Sumendhe
ing pundhake langit
Gawe
ndhedheting kahanan
Tinilar
lintang lan rembulan
Sumuking
sukma ora krasa
Atising
jiwa tan dirasa
Ambeg
nggejejer tan owah
Ngemat
adohe esem
Esem
manis kadya madu
Kang
tansah winantu
Sakjroning
kalbu
Tumekan
hawaku celathu
“mrenea,
aku kangen sliramu”
Tidak ada komentar :
Posting Komentar